Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ayub 3:9-24 Kitab Sutji (JAV)

9. Lintang-lintang esuk padha lestaria peteng;tanpa gawe anggone ngenteni tekane pepadhang,aja nganti nyumurupi katone bangbang wetan,

10. awit ora mbuntoni lawange guwa-garbaning ibuku,sarta ora ngaling-alingi kasusahan ana ing ngarepe mripatku.

11. Yagene aku ora mati nalika lair,lan ora pecat nyawaku nalika metu saka ing guwa-garba?

12. Yagene ana dhengkul kang nadhahi awakku;lan ana susu kang nusoni aku?

13. Saupama ora mangkono, aku rak bisa leyeh-leyeh kalawan tentrem;bisa turu lan ngaso

14. awor karo raja lan para nayaka ing jagad,kang wus padha mbangun gegempurane,

15. sarta awor para panggedhe kang duwe emas,lan omahe dikebaki salaka,

16. utawa yagene aku ora kaya bayi keluron kang kadhelikake,kaya bayi kang ora nganti ndeleng pepadhang?

17. Ana ing kono para wong dursila mari anggone gawe rerubed,sarta para wong kang nglentroh padha aso.

18. Ana ing kono para wong tawanan padha oleh katentreman,wus ora krungu swarane kang ngereh.

19. Wong cilik lan wong gedhe kaanggep padha ana ing kono,tuwin batur wus luwar saka lurahe.

20. Yagene wong papa diparingi pepadhang,lan kang prihatin kaparingan urip?

21. Kang banget kapengine mati, nanging ora mati-mati,kang anggone ngupaya ngluwihi wong kang ndhudhuk raja-brana kang kapendhem;

22. samangsa mrangguli kubure,bungahe luwih banget nganti surak-surak;

23. wong lanang kang dalane kaling-kalingan,kang rinupek dening Gusti Allah.

24. Awit pangesahku wus kaya dadi rejekiku,sarta panggluruhku ingesok prasasat banyu.

maca bab lengkap Ayub 3