Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ayub 3:6-14 Kitab Sutji (JAV)

6. Wengi iku -- rinayuda ing peteng ndhedhet;aja nganti abungah-bungah, ing dina-dina sajroning setahun,aja kaetung awor cacahing sasi-sasi.

7. Lah wengi iku lestaria gabug,lan aja karungu swaraning kabungahan.

8. Kasupatanana dening para kang ngipat-ipati dina,kang pinter nangekake kanepsone Lewiatan.

9. Lintang-lintang esuk padha lestaria peteng;tanpa gawe anggone ngenteni tekane pepadhang,aja nganti nyumurupi katone bangbang wetan,

10. awit ora mbuntoni lawange guwa-garbaning ibuku,sarta ora ngaling-alingi kasusahan ana ing ngarepe mripatku.

11. Yagene aku ora mati nalika lair,lan ora pecat nyawaku nalika metu saka ing guwa-garba?

12. Yagene ana dhengkul kang nadhahi awakku;lan ana susu kang nusoni aku?

13. Saupama ora mangkono, aku rak bisa leyeh-leyeh kalawan tentrem;bisa turu lan ngaso

14. awor karo raja lan para nayaka ing jagad,kang wus padha mbangun gegempurane,

maca bab lengkap Ayub 3