Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ayub 28:12-22 Kitab Sutji (JAV)

12. Nanging kawicaksanan iku tinemune ana ing ngendi,lan ana ing ngendi dununge akalbudi?

13. Manungsa ora sumurup marang ajine,sarta iku iya ora tinemu ing bumine wong urip.

14. Calathune teleng: Aku ora kanggonan.Ujare sagara: Aku ora kadunungan.

15. Ora kena diijoli ing emas murni,utawa diregani kalawan salaka.

16. Ora kena diregani nganggo emas Ofirutawa nganggo sotya soham kang larang lan manila kang adi,

17. ora kena ditandhing karo emas utawa kaca,utawa diijoli rerenggan emas murni.

18. Giwang utawa kristal iku sapele yen katimbang karo iku.Ndarbeni kawicaksanan iku luwih becik tinimbang mutyara.

19. Sotya cepaka saka ing tanah Etiopia iya ora bisa nandhingi;iya ora kena diajeni nganggo emas murni.

20. Kawicaksanan iku saka ngendi asale,lan akal-budi iku ana ngendi panggonane?

21. Iku sinamar tumrap mripate wong urip,malah uga sinamar tumrap manuk ing awang-awang.

22. Kasusahan lan pati calathu:Kupingku mung krungu wartane bae.

maca bab lengkap Ayub 28