Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ayub 26:1-10 Kitab Sutji (JAV)

1. Ayub mangsuli, pangucape:

2. “Becik banget anggonmu mitulungi marang wong apes,sarta anggonmu mbiyantu wong kang tangane tanpa daya.

3. Becik banget pituturmu marang wong kang ora kadunungan kawicaksananlan kawruh kang kokwulangake nganti mbludag!

4. Anggonmu ngucapake tembung-tembung iku adhedhasar panemune sapa,lan pikirane sapa kang koklairake iku?

5. Para kang wus mati padha gumetermangkono uga banyu dalah saisine.

6. Jagade wong mati ngegla ana ing ngarsaning Allah,lan papaning pati iya ora ana tutupe.

7. Gusti Allah mentheng langit lor mayungi awang-uwung,lan nggantung bumi tanpa canthelan.

8. Banyu kabuntel ing mendhunge,ewasamono mendhunge ora suwek.

9. Dhampare tinutupan dadi ora kena sinawangmarga kaaling-alingan ing mendhunge.

10. Lumahing banyu wus winatesan kalawan buwengannganti tekan ing antarane pepadhang lan pepeteng.

maca bab lengkap Ayub 26