Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ayub 23:8-15 Kitab Sutji (JAV)

8. Manawa aku lumaku mangetan, panjenengane ora ana ing kana,utawa mangulon, aku ora mrangguli Panjenengane.

9. Dakgoleki mangalor, Panjenengane ora katingal;genti mangidul, aku ora sumurup Panjenengane.

10. Dhasar Panjenegane nguningani lakuning uripku;manawa aku dileler, kaya emas anggonku metu.

11. Sikilku tetep ndherekake tindake,aku lumaku ing margine lan ora bakal nyimpang.

12. Parentah kang miyos saka ing lathine ora dakterak;dhawuhing lesane daksimpen ing sajroning atiku.

13. Nanging Panjenengane ora tau ewah --Sapa kang bisa ngalang-alangi Panjenengane?Apa kang dikarsakake, iya banjur ditindakake.

14. Awit Panjenengane bakal ngrampungake apa kang wus katetepake tumrap aku,lan isih akeh bab-bab liyane kang kaya mangkono kang dikarsakake.

15. Mulane atiku gumeter ana ing ngarsane,manawa iku kabeh dakpikir,aku banjur wedi banget marang Panjenengane.

maca bab lengkap Ayub 23