Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ayub 23:1-11 Kitab Sutji (JAV)

1. Nanging Ayub mangsuli, pangucape:

2. “Saiki pasambatku dadi pambalela,astane menet aku, satemah aku sesambat.

3. Ah, muga aku bisa sumurup kapriye anggonku ketemu kalawan Panjenengane,lan diparengake sowan marang ing daleme.

4. Aku banjur bakal njlentrehake prakaraku ana ing ngarsane,lan cangkemku bakal dakkebaki atur panjawab.

5. Aku mesthi bakal nyumurupi wangsulan-wangsulan kang diparingake marang aku,sarta aku bakal mangreti, apa kang dipangandikakake marang aku.

6. Apa Panjenengane kang asipat Mahakwaos iku karsa prakaran kalawan aku?Ora, Panjenengane mesthi bakal ngudaneni aku.

7. Wong kang jujur iku kang bakal nglawan padu ana ing ngarsane,lan aku mesthi bakal uwal babar pisan saka ing Hakimku.

8. Manawa aku lumaku mangetan, panjenengane ora ana ing kana,utawa mangulon, aku ora mrangguli Panjenengane.

9. Dakgoleki mangalor, Panjenengane ora katingal;genti mangidul, aku ora sumurup Panjenengane.

10. Dhasar Panjenegane nguningani lakuning uripku;manawa aku dileler, kaya emas anggonku metu.

11. Sikilku tetep ndherekake tindake,aku lumaku ing margine lan ora bakal nyimpang.

maca bab lengkap Ayub 23