Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ayub 22:8-21 Kitab Sutji (JAV)

8. nanging wong kang santosa iku kang nduweni bumi,lan wong kang luhur-luhur iku kang ngenggoni.

9. Randha-randha padha koktundhung nglenthunglan baune bocah-bocah lola padha kokremuk.

10. Mulane kowe kinalang-kalang ing kala,tuwin dadakan tinempuh ing pagiris.

11. Padhangmu dadi peteng satemah kowe ora bisa ndeleng,lan banjur kleleb ing banjir.

12. Gusti Allah rak lenggah ing langit kang dhuwur?Delengen ta lintang-lintang kang dhuwur dhewe, iba-iba dhuwure!

13. Nanging ujarmu: Gusti Allah mirsa apa?Apa Panjenengane saged ngadili saka ing sadhuwure mega-mega kang peteng?

14. Panjenengane kalimputan ing mega satemah ora bisa mirsani;Panjenengane ameng-ameng ing cakrawala.

15. Apa kowe arep tetep lumaku ing dalan kang lawas,kang diambah dening para wong ala,

16. kang wus padha sinendhal sadurunge mangsa,kang bumine larud kebanjiran,

17. kang padha duwe ujar marang Gusti Allah:Sumingkira saka ing aku,Kang Mahakuwasa bisa ngapakake aku?

18. Ewasamono iya Panjenengane iku kang ngebaki omahe kalawan samubarang kang becik --nanging rancangane wong duraka iku adoh saka ing aku.

19. Para wong mursid padha ndeleng lan padha bungah;sarta wong kang tanpa kaluputan padha moyoki, calathune:

20. Sanyata, satruku wus tumpes,lan apa kang katinggal wus entek kamangsa ing geni.

21. Dirukun kalawan Gusti Allah supaya kowe tentrem;sarana mangkono kowe bakal oleh kabegjan.

maca bab lengkap Ayub 22