Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ayub 22:1-14 Kitab Sutji (JAV)

1. Elifas, wong Teman banjur mangsuli, pangucape:

2. “Manungsa iku apa maedahi tumrap Gusti Allah?Ora, wong kang nduweni akal-budi iku mung migunani tumrap awake dhewe.

3. Manawa kowe bener apa ana paedahe tumrap Kang Mahakuwasa,utawa manawa uripmu iku utama,apa Panjenengane angsal kauntungan?

4. Apa marga saka pangabektimu anggonmu kasiksalan kaparakake marang ing pangadilan dening Panjenengane?

5. Rak marga saka gedhening pialamulan tanpa wilangan kaluputanmu?

6. Awit kalawan sawenang-wenang anggonmu nampani gadhen saka sadulur-sadulurmu,lan ngrampas sandhangane para wong miskin.

7. Wong kang ngelak ora kokwenehi ngombe,wong kang keluwen ora kokwenehi mangan,

8. nanging wong kang santosa iku kang nduweni bumi,lan wong kang luhur-luhur iku kang ngenggoni.

9. Randha-randha padha koktundhung nglenthunglan baune bocah-bocah lola padha kokremuk.

10. Mulane kowe kinalang-kalang ing kala,tuwin dadakan tinempuh ing pagiris.

11. Padhangmu dadi peteng satemah kowe ora bisa ndeleng,lan banjur kleleb ing banjir.

12. Gusti Allah rak lenggah ing langit kang dhuwur?Delengen ta lintang-lintang kang dhuwur dhewe, iba-iba dhuwure!

13. Nanging ujarmu: Gusti Allah mirsa apa?Apa Panjenengane saged ngadili saka ing sadhuwure mega-mega kang peteng?

14. Panjenengane kalimputan ing mega satemah ora bisa mirsani;Panjenengane ameng-ameng ing cakrawala.

maca bab lengkap Ayub 22