Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ayub 14:14-21 Kitab Sutji (JAV)

14. Manungsa manawi sampun pejah, punapa saged gesang malih?Manawi makaten kawula gadhah pangajeng-ajeng salaminipun kawula nglampahi kangelan,ngantos dumugi ing giliran kawula.

15. Paduka lajeng badhe nimbali kawula, saha kawula badhe ngunjuki wangsulan;Paduka badhe kangen dhateng pakaryaning asta Paduka.

16. Paduka lajeng boten badhe nggatosaken dosa kawula,sanadyan Paduka mical jangkah kawula,

17. panerak kawula lajeng sami kalebetaken ing kanthong ingkang kasegel,sarta Paduka badhe nutupi rapet kalepatan kawula.

18. Nanging kadosdene redi ingkang jugrug lajeng ajur,saha parang ingkang pindhah panggenan,

19. tuwin kadosdene toya ingkang nggripisaken sela,sarta santering ilinipun ngentiraken lebuning siti,inggih kados makaten anggen Paduka nglebur pangajeng-ajenging manungsa.

20. Manungsa Paduka wisesa salaminipun lajeng kesah,Paduka ewahi rainipun lajeng Paduka tundhung;

21. boten nyumerepi anggening anakipun sami angsal kadrajatan,utawi sami dhawah ing kanisthan inggih boten dipun mangretosi.

maca bab lengkap Ayub 14