Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ayub 12:10-19 Kitab Sutji (JAV)

10. manawa nyawane kabeh kang kumeliplan napase saben manungsa iku dumunung ana ing astane?

11. Kuping apa ora nguji tembung-tembung,kayadene cethak anggone ngrasakake pangan?

12. Apa dudu para wong tuwa kang padha kadunungan kawicaksanan,sarta wong kang wus akeh umure iku kang duwe pangreten?

13. Nanging Gusti Allah iku kang kagungan kawicaksanan lan pangwaos.Iya Panjenengane iku kang dadi etuking pangulir budi lan kawasisan.

14. Manawa panjenengane mbebongkar, ora ana kang bisa mbangun maneh.Manawa Panjenengane nangkep wong, ora ana kang bisa ngluwari.

15. Manawa Panjenengane mbendung banyu, banjur asat kabeh.Manawa Panjenengane marengake mili maneh, banjur ngelebi bumi.

16. Panjenengane ngasta pangwaos lan kaunggulaniya kang nguwaosi wong kang kesasar lan wong kang nasarake.

17. Panjenengane kang nggiring lan nglukari para mentri,sarta kang damel bodhoning para hakim.

18. Panjenengane kang nguculi blenggu kang dietrapake dening para raja,kang banjur padha tinalenan bangkekane kalawan tali pangiket.

19. Panjenengane kang nggiring lan nggledhah para imam,lan nggolingake wong kang santosa.

maca bab lengkap Ayub 12