Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ayub 12:1-9 Kitab Sutji (JAV)

1. Ayub tumuli mangsuli, pangucape:

2. “Lah iya kowe iku kang jeneng manungsa,manawa kowe padha mati,kawicaksanan iya mati bebarengan karo kowe.

3. Aku iya duwe pikiran kaya kowe,aku ora kalah karo kowe;sapa kang durung tau nyumurupi kang kaya mangkono iku?

4. Aku iki dadi pepoyokane pepadhaku,aku kang manawa sesambat marang Gusti Allah banjur disembadani,wong kang utama lan mursid dadi pepoyokan.

5. Saka panemune wong kang tentrem uripe,wong kang sangsara iku pantese dicacad,iku rinasa kaya gebug tumrap wong kang sikile kajengklok.

6. Tarube wong kang ngrusak padha tentremsarta wong kang memungu dukaning Allah padha ngalami katentreman,samono uga para wong kang arep nggegem Gusti Allah ana ing tangane.

7. Nanging takona ta marang kewan, iku mesthi padha mangretekake kowe,sarta takona ta marang manuk ing awang-awang,mesthi kowe disumurupake,

8. utawa tutura marang bumi, iku mesthi bakal aweh piwulang marang kowe,dalasan iwak ing sagara bakal carita marang kowe.

9. Panunggalane iku kabeh sapa kang ora sumurup,manawa astane Gusti Allah kang nindakake iku;

maca bab lengkap Ayub 12