Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Amos 9:7-12 Kitab Sutji (JAV)

7. “He wong Israel. Sira iku tumrap Ingsun rak padha bae kaya wong Etiopia?”-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --.“Israel rak wus Sunhiridmetu saka ing tanah Mesir,wong Filisti saka ing Kaftor,lan wong Aram saka ing Kir?

8. Lah, Sang Yehuwah Allah wus nitipriksakarajan kang nindakake dosa iku.Iku bakal Suntumpes temah sirna saka ing lumahe bumi;nanging turune Yakub iku bakal ora Suntumpes nganti tapis,”-- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah --.

9. “Sabab lah, Ingsun bakal paring dhawuh,banjur turune Israel iku Sunoyog-oyog ana ing antarane para umat,patrape kaya wong kang lagi ngayaki,mangka krikil cilik siji bae ora ana kang tiba ing lemah.

10. Bakal padha mati dening pedhangsakehe wong dosa panunggalane umatingSunkang padha ngucap: Aku bakal ora kecandhakutawa kagepok ing bilai.”

11. “Ing dina iku Ingsun bakal ngadegake manehgubuge Dawud kang wus rubuh;lan pecah-pecahing temboke bakal Suntambali,sarta jugrugane bakal Sunadegake maneh;bakal Sunbangun maneh kaya ing jaman biyen;

12. supaya wong-wong iku padha ngwasanana marang kekarene bangsa Edom,lan sakehe bangsa kang Sunsebut kagunganingSun,”mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah kang nindakake prakara iki.

maca bab lengkap Amos 9