Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Amos 3:1-7 Kitab Sutji (JAV)

1. He wong Israel, padha ngrungokna pangandika kang kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah tumrap sira, iya tumrap bangsa sakabehe kang wus Sunentasake saka ing tanah Mesir, mangkene pangandikane:

2. “Mung sira kang Sunudaneni,saka sakehe bangsa ing salumahing bumi,mulane sira bakal Sunukummarga saka sakehe kaluputanira.

3. Apa ana wong loro kang mlaku bebarengan,manawa durung sarembug?

4. Apa ana singa kang nggero ana ing alas,manawa durung oleh memangsan?Singa nom apa nyuwara ana ing panggonane,manawa durung nubruk apa-apa?

5. Apa ana manuk kang tiba ana ing pasangan kang ana ing lemah,manawa ora kapasangan pakan?Pasangane apa iya kajunjung saka ing lemahmanawa durung oleh apa-apa?

6. Apa ana kalasangka kaunekake ana ing sawijining kutha,kang ora ndadekake gumetere wong-wong?Lan apa ana bilai kang nempuh sawijining kutha,kang dudu Pangeran Yehuwah kang nindakake?

7. Sanyata, Pangeran Yehuwah Allah ora nindakake apa-apatanpa putusan kang kalairake marang para nabi abdine.

maca bab lengkap Amos 3