Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Amos 3 Kitab Sutji (JAV)

Nabi iku kang nglantarake pangandikane Gusti Allah

3:1-8

1. He wong Israel, padha ngrungokna pangandika kang kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah tumrap sira, iya tumrap bangsa sakabehe kang wus Sunentasake saka ing tanah Mesir, mangkene pangandikane:

2. “Mung sira kang Sunudaneni,saka sakehe bangsa ing salumahing bumi,mulane sira bakal Sunukummarga saka sakehe kaluputanira.

3. Apa ana wong loro kang mlaku bebarengan,manawa durung sarembug?

4. Apa ana singa kang nggero ana ing alas,manawa durung oleh memangsan?Singa nom apa nyuwara ana ing panggonane,manawa durung nubruk apa-apa?

5. Apa ana manuk kang tiba ana ing pasangan kang ana ing lemah,manawa ora kapasangan pakan?Pasangane apa iya kajunjung saka ing lemahmanawa durung oleh apa-apa?

6. Apa ana kalasangka kaunekake ana ing sawijining kutha,kang ora ndadekake gumetere wong-wong?Lan apa ana bilai kang nempuh sawijining kutha,kang dudu Pangeran Yehuwah kang nindakake?

7. Sanyata, Pangeran Yehuwah Allah ora nindakake apa-apatanpa putusan kang kalairake marang para nabi abdine.

8. Singa wus nggero,sapa kang ora wedi?Pangeran Yehuwah Allah wus ngandika,sapa kang ora medhar wangsit?”

Pawarta bab rusake Israel

3:9-15

9. Padha wartakna ana ing kadhaton ing Asyur,lan ing sajroning kadhaton ing tanah Mesir,sarta ngucapa: “Padha nglumpuka ang ing gunung-gunung ing sacedhake Samaria,lan nyawanga pageger gedhe kang ana ing satengahe nagara ikusarta panganiaya kang ana ing kutha kono.”

10. “Wong-wong iku padha ora sumurup marang tindak kang jujur,”mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah,“yaiku wong kang padha nandho panindhes lan panganiaya ana ing kadhatone.”

11. Kang iku pangandikane Pangeran Yehuwah Allah mangkene:“Mungsuh bakal ngepung nagaranira,lan bakal ngilangake kasantosanira,sarta kadhatonira bakal dijarah-rayah!”

12. Pangandikane Sang Yehuwah mangkene:“Kayadene pangon kang ngrebutsikil loro utawa kuping sacuwil saka ing cangkeme singa,kaya mangkono wong Israel kang manggon ing Samaria anggone bakal kaentasake,kaya saperanganing dipan,lan kaya saperanganing sikile paturon.”

13. Pangandikane Pangeran Yehuwah Allah Gustining sarwa tumitah:“Padha ngrungokna, lan turune Yakub padha elingna.”

14. “Ing dina anggoningSun ngukum Israel,marga saka panggawe-panggawene kang ala,Ingsun iya bakal ndhawahake paukuman marang misbyah-misbyahe Betel,temah sungune misbyah iku padha ditugelilan padha tiba ing lemah.

15. Omah kang dienggoni ing mangsa atis bakal Sungempurbareng karo omah kang dienggoni ing mangsa panas,omah-omah gadhing padha remuk,apadene omah gedhe padha sirna,” mangkono pangandikane Sang Yehuwah.