Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Samuel 7:3-20 Kitab Sutji (JAV)

3. Nabi Natan tumuli matur marang Sang Prabu: “Inggih sumangga, panjenengan dalem nindakna punapa ingkang wonten ing panggalih dalem, awit Sang Yehuwah nunggil kaliyan panjenengan dalem.”

4. Nanging bareng sawengi iku uga Sang Yehuwah ngandika marang Nabi Natan:

5. “Lah sira mangkata lan matura marang abdiningSun Dawud: Makaten pangandikanipun Sang Yehuwah: Sira apa arep yasa omah kagem Ingsun murih Sundalemi?

6. Ingsun ora nate manggen ana ing omah wiwit Ingsun ngluwari Israel saka ing tanah Mesir, nganti saprene, nanging Ingsun tansah lelana ana ing kemah minangka padalemaningSun.

7. Salawase Ingsun lelana karo wong Israel kabeh, apa Ingsun nate paring pangandika marang salah sawijining hakime wong Israel, kang Sundhawuhi ngengon umatingSun Israel mangkene: Yagene sira ora yasa omah kayu eres kagem Ingsun?

8. Mulane sira matura marang abdiningSun Dawud mangkene: Makaten pangandikanipun Sang Yehuwah, Gustinipun ingkang sarwa dumados: Ingsun kang nimbali sira saka ing pangonan, nalika sira nggiring wedhus-wedhusira, supaya jumeneng ratu ngereh umatingSun Israel.

9. Ingsun wus nunggil klawan sira ana ing sakehing panggonan kang sira liwati lan wus numpes sakehe mungsuhira saka ing ngarepira. Ingsun wus ngluhurake jenengira kaya jenenge wong agung kang ana ing bumi.

10. Ingsun wis nyepaki papan tumrap umatingSun Israel lan Suntanem ana ing kono, temah bisa manggon ana ing omahe dhewe, ora digiri-giri lan ditindhes dening wong ambek siya kaya dhek biyen,

11. wiwit Ingsun ngangkat para hakim tumrap umatingSun Israel, Ingsun paring karaharjan marang sira uwal saka sakehe mungsuhira. Ugi dipun pangandikakaken Sang Yehuwah dhateng panjenengan dalem: Yehuwah bakal maringi turun marang sira.

12. Yen sira wus tumeka ing janji lan sira wus oleh palereman nunggal karo leluhurira, Ingsun bakal nangekake turunira ing sapungkurira, kang tuwuh saka sira lan Ingsun bakal nyantosakake karajane.

13. Iya iku kang bakal yasa dalem kagem asmaningSun lan Ingsun bakal nyantosakake dhamparing karajane ing salawas-lawase.

14. Ingsun bakal dadi Ramane lan dheweke dadi putraningSun. Samangsa nglakoni kaluputan, bakal Sunukum klawan penjalin, kang dianggo ing wong, lan kalawan gebug kang ditamakake dening anak-anaking manungsa.

15. Nanging sihkadarmaningSun ora bakal sumingkir saka ing dheweke, kaya kang Sunsingkirake saka Saul, kang wus Sunedohake saka ing ngarepira.

16. Kulawarga lan karajanira bakal santosa ing salawas-lawase ana ing ngarsaningSun lan dhamparira bakal santosa ing salawas-lawase.”

17. Nabi Natan banjur matur marang Sang Prabu Dawud cundhuk karo pangandika iku lan ora siwah karo wahyu kang ditampa.

18. Sang Prabu Dawud banjur lumebet, tumuli sowan ana ing ngarsane Sang Yehuwah sarta munjuk: “Kawula punika sinten, dhuh Pangeran Yehuwah, lan kulawarga kawula punika sinten, dene Paduka ndadosaken kawula ngantos kados makaten punika.

19. Dhuh Pangeran Yehuwah, prakawis punika taksih kirang wonten ing tingal Paduka, milanipun Paduka sampun ngandika ugi bab kulawarganipun ingkang abdi ing wekdal ingkang taksih dangu saha paring sumerep dhateng kawula manungsa-manungsa ingkang badhe dhateng, dhuh Pangeran Yehuwah.

20. Punapa ingkang saged dipun unjukaken Dawud dhumateng paduka langkung saking punika? Paduka rak sampun uninga bab ingkang abdi punika, dhuh Pangeran Yehuwah?

maca bab lengkap 2 Samuel 7