Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Samuel 5:1-13 Kitab Sutji (JAV)

1. Sakehe taler Israel kabeh banjur padha sowan marang ing ngarsane Sang Prabu Dawud ing Hebron sarta munjuk: “Kauningana, kawula punika sami tunggil rah saha tunggil daging kaliyan panjenengan dalem.

2. Sampun lami, nalika Sang Prabu Saul ngereh kawula sadaya, panjenengan dalem ingkang mimpin sadaya mobah-mosikipun tiyang Israel. Saha Sang Yehuwah sampun ngandika dhateng panjenengan dalem: “Sira kang bakal ngengon umatingSun Israel lan sira kang jumeneng ratu mengku Israel.”

3. Dadine sakehe para tuwa-tuwane Israel padha seba ana ing ngarsane Sang Prabu Dawud ana ing Hebron; Sang Prabu banjur nganakake prajanjian karo para wong iku ana ing Hebron, ing ngarsane sang Yehuwah; wasana padha njebadi Sang Prabu Dawud dadi ratu mengku Israel.

4. Sang Prabu Dawud yuswane telung puluh taun, nalika jumeneng ratu: patang puluh taun lawase anggone ngasta paprentahan.

5. Ana ing Hebron panjenengane ngereh Yehuda pitung taun nem sasi lan ana ing Yerusalem anggone ngratoni satlatahe Israel lan Yehuda kabeh lawase telung puluh telu taun.

6. Sang Prabu Dawud kadherekake para wadyabalane nglurug menyang Yerusalem, nempuh wong Yebus, kang ngenggoni nagara kono. Wong iku padha nguwuh marang Prabu Dawud: “Kowe mangsa bisaa mrene, wong wuta lan wong pincang bakal mbalekake kowe.” Karepe wong iku: Sang Prabu Dawud ora bakal bisa mlebet mrono.

7. Nanging Sang Prabu Dawud bisa ngrebat kuthaning beteng Sion, yaiku kuthane Sang Prabu Dawud.

8. Sang Prabu Dawud nalika samana wus ngandika: “Sapa kang arep nelukake wong Yebus kudu mlebu ngliwati ilen-ilen iki; Prabu Dawud gething banget marang wong wuta lan wong pincang.” Mulane ana bebasan: “Para wong wuta lan wong pincang ora kena mlebu ing omah.”

9. Lan Sang Prabu Dawud banjur ngadhaton ana ing beteng kono, kang banjur kaparingan jeneng: Kuthane Sang Prabu Dawud. Panjenengane nyantosani kutha iku ing saubenge wiwit saka Milo manjero.

10. Sang Prabu Dawud sangsaya suwe sangsaya gedhe pangwasane, amarga Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe kang sarwa dumadi nunggil karo panjenengane.

11. Prabu Hiram, ratu ing nagara Tirus, nglampahake utusan marang ngarsane Sang Prabu Dawud lan ngintuni kayu eres sarta tukang kayu lan tukang batu; iku padha ngyasakake kraton Sang Prabu Dawud.

12. Sang Prabu banjur manggretos, yen Sang Yehuwah wis netepake panjenengane dadi ratune Israel lan ngluhurake paprentahane marga saka Israel, umat kagungane.

13. Sang Prabu Dawud banjur mundhut ampil lan garwa maneh saka ing Yerusalem, sawise pindhah dalem saka Hebron lan banjur kagungan putra kakung lan putri maneh.

maca bab lengkap 2 Samuel 5