36. Kawula ugi Paduka paringi tamenging karahayon kawula,lan sihkadarman Paduka sampun ngagungaken kawula.
37. Paduka paring papan omber tumrap jangkah kawula,lan polok kawula boten keklok.
38. Mengsah kawula, kawula oyak-oyak lajeng kawula tumpes,lan boten wangsul-wangsul saderengipun sami kawula sirnakaken;
39. kawula sirnakaken lan kawula ejur, temah boten tangi malih,lan sami ambruk wonten ing sangandhaping suku kawula.
40. Paduka sampun ningseti lambung kawula kanthi karosan tumrap ing perang.Tiyang-tiyang ingkang gumregah nglawan kawula,Paduka telukaken ing sangandhaping panguwaos kawula.
41. Mengsah kawula Paduka dadosaken keplajeng saking kawula,tiyang ingkang nyengiti kawula, sami kawula tumpes.
42. Sami sambat-sambat nedha pitulungan, nanging boten wonten ingkang mitulungi,sami ngadhuh-adhuh dhumateng Sang Yehuwah,nanging boten kaparingan wangsulan.
43. Sami kawula giles ngantos kados lebuning siti,kawula gecak lan kawula idak-idak kados blethok ing margi.
44. Lan Paduka nguwalaken kawula saking pasulayanipun bangsa kawula,Paduka rumeksa dhumateng kawula kados dene pangagengipun para bangsa;bangsa ingkang boten kawula tepangi sami ngabdi dhateng kawula.