Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Samuel 16:17-23 Kitab Sutji (JAV)

17. Pangeran Absalom ngandika marang Husai: “Apa kaya mangkene iki kasetyanmu marang mitramu? Geneya kowe ora melu marang mitramu?”

18. Husai banjur matur marang Pangeran Absalom: “Boten, nanging panjenenganipun ingkang piniji dening Sang Yehuwah tuwin dening rakyat punika saha dening saben tiyang Israel, inggih panjenenganipun punika ingkang mengku kawula, saha ingkang kawula suwitani.

19. Punapa malih sinten ingkang badhe kawula suwitani? Punapa sanes putranipun? Kados dene anggen kawula ngabdi dhateng rama dalem, makaten ugi kawula badhe ngabdi dhateng panjenengan dalem.”

20. Pangeran Absalom banjur ngandika marang Akhitofel: “Mara aku aturana rembug, apa kang kudu daklakoni?”

21. Akhitofel banjur ngaturi wangsulan: “Panjenengan dalem kawula aturi mrepeki para garwanipun ampeyan ingkang rama, ingkang katilar nengga kraton. Manawi kapireng dening sakathahipun tiyang Israel, bilih panjenengan dalem sampun damel sarira dalem sinengitan dening rama dalem, temah sadaya tiyang ingkang ndherek panjenengan dalem, badhe sami kasantosakaken manahipun.”

22. Pangeran Absalom banjur diyasakake kemah ana ing payon, lan Absalom banjur mrepeki para garwane ampeyan kang rama kanthi kasumurupan ing wong Israel kabeh.

23. Ing nalika samana pituduh kang diaturake dening Akhitofel iku padha karo pitedah kang saka Gusti Allah; kaya mangkono kanggepe sakehing pirembuge Akhitofel, iya dening Prabu Dawud iya dening Absalom.

maca bab lengkap 2 Samuel 16