Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Samuel 15:7-20 Kitab Sutji (JAV)

7. Sawuse kelakon patang taun Pangeran Absalom munjuk marang Sang Prabu: “Mugi kalilana kawula kesah dhateng Hebron prelu ngluwari ujar kawula ingkang sampun kawula lairaken dhateng Sang Yehuwah.

8. Amargi abdi dalem punika nalika taksih wonten ing Gesur, ing tanah Aram, gadhah nadar makaten: “Manawa Yehuwah sanyata marengake aku mulih menyang Yerusalem, aku bakal ngabekti marang Sang Yehuwah.”

9. Sang Prabu banjur dhawuh marang Pangeran Absalom: “Iya mangkata, sunsangoni slamet.” Pangeran Absalom banjur cecawis lan tindak menyang Hebron.

10. Ing wektu samana Pangeran Absalom wis utusan telik marani sakehe taler Israel, kalawan piweling: “Samangsa kowe krungu swaraning kalasangka, banjur padha alok-aloka: Absalom wis jumeneng ratu ana ing Hebron!”

11. Kang ndherek tindake Pangeran Absalom saka ing Yerusalem wong rong atus; para wong kang oleh uleman ndherek ora nglegewa lan ora ngreti apa-apa mungguh ing prakara iku.

12. Nalika Pangeran Absalom arep saos kurban, banjur nimbali Sang Akhitofel, wong ing Gilo, juru pirembage Sang Prabu Dawud, saka ing kutha Gilo. Mangkono dadine pasakuthon iku sangsaya mundhak kuwat lan sangsaya akeh wong kang ngrojongi marang Pangeran Absalom.

13. Tumuli ana wong kang ngaturi uninga marang Prabu Dawud, unjuke: “Manahipun tiyang Israel sampun sami kelu dhateng Pangeran Absalom.”

14. Sang Prabu Dawud banjur ngandika marang sakehe abdi dalem kang ndherek panjenengane ana ing Yerusalem, dhawuhe: “Padha tata-tataa, payo padha ngungsi, aja nganti kita ora bisa oncat saka ing ngarepe Absalom. Dikebat padha mangkat, supaya wong iku aja nganti enggal bisa nututi kita lan nekakake bilai marang kita lan nggecek kutha iki klawan landheping pedhang.”

15. Para abdi dalem padha munjuk marang Sang Prabu: “Sumangga sakarsa dalem gusti kawula Sang Prabu. Kawula sami sandika nglampahi.”

16. Sang Prabu banjur miyos lan saisine kraton padha ndherek tindake, mung garwa ampeyan sepuluh kang katilar padha tunggu kraton.

17. Sang Prabu miyos kadherekake dening para abdine kabeh. Ana ing sacedhake omah kang wekasan banjur kendel.

18. Dene sakehe abdi dalem, dalah sakehe wong Kreti lan wong Pleti padha lumaku ngliwati panjenengane uga sakehe wong Gat, cacahe wong nem atus, kang ndherek panjenengane wiwit saka ing Gat padha mlaku ngliwati Sang Prabu.

19. Sang Prabu Dawud banjur ndangu marang Itai, wong Gat: “Yagene sira kok mlaku melu ingsun uga? Muliha lan ndhereka Sang Prabu, amarga sira iku padha wong neneka, apamaneh sira iku wong boyongan saka ing tanah kamulanira.

20. Lagi dhek wingi anggonira teka, apa iya ing dina iki ingsun ngajak sira nglembara, mangka ingsun kapeksa lunga saparan-paran. Wis muliha karo para sadulurira, muga-muga Sang Yehuwah paring sihkadarman lan kasetyan marang sira.”

maca bab lengkap 2 Samuel 15