Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Samuel 15:17-31 Kitab Sutji (JAV)

17. Sang Prabu miyos kadherekake dening para abdine kabeh. Ana ing sacedhake omah kang wekasan banjur kendel.

18. Dene sakehe abdi dalem, dalah sakehe wong Kreti lan wong Pleti padha lumaku ngliwati panjenengane uga sakehe wong Gat, cacahe wong nem atus, kang ndherek panjenengane wiwit saka ing Gat padha mlaku ngliwati Sang Prabu.

19. Sang Prabu Dawud banjur ndangu marang Itai, wong Gat: “Yagene sira kok mlaku melu ingsun uga? Muliha lan ndhereka Sang Prabu, amarga sira iku padha wong neneka, apamaneh sira iku wong boyongan saka ing tanah kamulanira.

20. Lagi dhek wingi anggonira teka, apa iya ing dina iki ingsun ngajak sira nglembara, mangka ingsun kapeksa lunga saparan-paran. Wis muliha karo para sadulurira, muga-muga Sang Yehuwah paring sihkadarman lan kasetyan marang sira.”

21. Ewadene Itai munjuk marang Sang Prabu: “Demi Sang Yehuwah agesang lan demi sugeng dalem gusti kawula Sang Prabu, wonten ing pundi kemawon panjenengan dalem, kawula inggih badhe ndherek.”

22. Prabu Dawud nuli ngandika marang Itai: “Yen mangkono lumakua liwata!” Itai wong Gat iku nuli mlaku liwat bebarengan karo wong-wonge lan bocah-bocah kang padha melu dheweke.

23. Wong sanagara padha nangis kabeh kalawan swara sora, nalika wong-wong padha liwat. Sang Prabu banjur nyabrang ing kali Kidron lan wong akeh padha lumaku ngener marang ing pasamunan.

24. Lan Imam Zadhok uga ana ing kono, kadherekake dening sakehing wong Lewi kang ngusung pethi prajanjiane Gusti Allah. Padha nyelehake pethine Gusti Allah -- Imam Abyatar uga melu -- nganti sakehe wong saka kutha wis padha nyabrang kabeh.

25. Sang Prabu banjur ngandika marang Imam Zadhok: “Pethi prajanjianipun Gusti Allah sampeyan bekta wangsul dhateng kitha, manawi kula angsal sihkadarmanipun Sang Yehuwah, Panjenenganipun inggih badhe marengaken kula wangsul, temah kula badhe nyawang malih pethinipun Gusti Allah ugi padalemanipun.

26. Nanging manawi Panjenenganipun ngandika makaten: Ingsun wis ora sarju marang sira, kula inggih sandika, mugi Pangeran nandhukaken dhateng kula punapa ingkang sae wonten ing ngarsanipun.”

27. Sang Prabu Dawud ngandika maneh marang Imam Zadhok: “Saenipun, sampeyan lan Imam Abyatar wangsula mantuk kanthi wilujeng kaliyan anak sampeyan piyambak-piyambak: inggih punika anak sampeyan Ahimaas saha Yonatan anakipun Abyatar.

28. Lah kula badhe ngentosi wonten ing sacelakipun panggenan pasabrangan dhateng ing pasamunan, ngantos wonten pawartos saking sampeyan, ingkang suka sumerep dhateng kula.”

29. Imam Zadhok lan Imam Abyatar banjur nggawa bali pethine Gusti Allah menyang ing Yerusalem lan kendel ana ing kono.

30. Sang Prabu minggah ing gunung Jaitun karo muwun, mastakane kudhungan lan tindake tanpa trumpah. Sakehe wong kang ndherekake uga padha kudhungan sirahe lan anggone munggah padha karo nangis.

31. Nalika Sang Prabu diaturi uninga mangkene: “Akhitofel wonten ing satengahipun tiyang-tiyang ingkang sekuthon kaliyan Pangeran Absalom.” Sang Prabu banjur nyebut: “Mugi Paduka karsaa nggagalaken pitedahipun Akhitofel, dhuh Sang Yehuwah.”

maca bab lengkap 2 Samuel 15