Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Samuel 15:16-23 Kitab Sutji (JAV)

16. Sang Prabu banjur miyos lan saisine kraton padha ndherek tindake, mung garwa ampeyan sepuluh kang katilar padha tunggu kraton.

17. Sang Prabu miyos kadherekake dening para abdine kabeh. Ana ing sacedhake omah kang wekasan banjur kendel.

18. Dene sakehe abdi dalem, dalah sakehe wong Kreti lan wong Pleti padha lumaku ngliwati panjenengane uga sakehe wong Gat, cacahe wong nem atus, kang ndherek panjenengane wiwit saka ing Gat padha mlaku ngliwati Sang Prabu.

19. Sang Prabu Dawud banjur ndangu marang Itai, wong Gat: “Yagene sira kok mlaku melu ingsun uga? Muliha lan ndhereka Sang Prabu, amarga sira iku padha wong neneka, apamaneh sira iku wong boyongan saka ing tanah kamulanira.

20. Lagi dhek wingi anggonira teka, apa iya ing dina iki ingsun ngajak sira nglembara, mangka ingsun kapeksa lunga saparan-paran. Wis muliha karo para sadulurira, muga-muga Sang Yehuwah paring sihkadarman lan kasetyan marang sira.”

21. Ewadene Itai munjuk marang Sang Prabu: “Demi Sang Yehuwah agesang lan demi sugeng dalem gusti kawula Sang Prabu, wonten ing pundi kemawon panjenengan dalem, kawula inggih badhe ndherek.”

22. Prabu Dawud nuli ngandika marang Itai: “Yen mangkono lumakua liwata!” Itai wong Gat iku nuli mlaku liwat bebarengan karo wong-wonge lan bocah-bocah kang padha melu dheweke.

23. Wong sanagara padha nangis kabeh kalawan swara sora, nalika wong-wong padha liwat. Sang Prabu banjur nyabrang ing kali Kidron lan wong akeh padha lumaku ngener marang ing pasamunan.

maca bab lengkap 2 Samuel 15