Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Samuel 15:1-10 Kitab Sutji (JAV)

1. Sawuse iku Pangeran Absalom banjur nyawisake kreta sajarane lan wong seket kang njajari.

2. Saben esuk jumeneng ana ing pinggir dalan kang anjog ing gapura. Sadhengah wong kang duwe prakara lan arep seba marang ing ngarsane Sang Nata nyuwun pangadilan, wong mau ditimbali dening Pangeran Absalom sarta didangu: “Kowe saka kutha ngendi?” Dene manawa diwangsuli: “Abdi dalem punika dhateng saking taler Israel anu,”

3. tumuli wong mau dipangandikani: “Mungguh prakaramu iku becik lan bener, nanging ora ana kang nyembadani marang kowe atas saka Sang Nata.”

4. Pangeran Absalom ngandika maneh: “Saupama aku ditetepake dadi hakim ana ing nagara kene! Sadhengah wong kang duwe prakara utawa padudon miturut pranatan, kena sowan marang ngarsaku lan bakal dakadili prakarane.”

5. Yen ana wong seba sujud nyembah marang Pangeran Absalom, banjur mulung astane, wonge dicandhak lan diaras.

6. Cara kang kaya mangkono iku ditandhukake Pangeran Absalom marang sakehe wong Israel kang arep sowan ing ngarsane Sang Prabu nyuwun pangadilan. Kanthi patrap mangkono anggone Pangeran Absalom mikat atine wong Israel.

7. Sawuse kelakon patang taun Pangeran Absalom munjuk marang Sang Prabu: “Mugi kalilana kawula kesah dhateng Hebron prelu ngluwari ujar kawula ingkang sampun kawula lairaken dhateng Sang Yehuwah.

8. Amargi abdi dalem punika nalika taksih wonten ing Gesur, ing tanah Aram, gadhah nadar makaten: “Manawa Yehuwah sanyata marengake aku mulih menyang Yerusalem, aku bakal ngabekti marang Sang Yehuwah.”

9. Sang Prabu banjur dhawuh marang Pangeran Absalom: “Iya mangkata, sunsangoni slamet.” Pangeran Absalom banjur cecawis lan tindak menyang Hebron.

10. Ing wektu samana Pangeran Absalom wis utusan telik marani sakehe taler Israel, kalawan piweling: “Samangsa kowe krungu swaraning kalasangka, banjur padha alok-aloka: Absalom wis jumeneng ratu ana ing Hebron!”

maca bab lengkap 2 Samuel 15