Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Samuel 14:13-22 Kitab Sutji (JAV)

13. Unjuke wong wadon iku: “Kenging punapa Sang Prabu kagungan panggalih ingkang kados makaten tumrap umatipun Gusti Allah. Sarehne panjenengan dalem nglairaken pangandika punika, panjenengan dalem piyambak ingkang lepat, dene boten nglilani mantukipun tiyang ingkang sampun kabucal.

14. Amargi kita punika mesthi ngalami pejah, kita punika kados toya ingkang kaesokaken dhateng ing bumi, ingkang boten saged kaklempakaken malih. Nanging Gusti Allah boten mulung nyawanipun tiyang, nanging malah ngrancang supados tiyang punika boten kelajeng-lajeng binucal saking Panjenenganipun.

15. Lah sapunika kawula marak ngunjukaken prakawis punika dhateng Gusti kawula Sang Prabu, amargi tiyang kathah sami ngajrih-ajrihi kawula. Pramila osiking manahipun abdi dalem: Becike dakmunjuk marang Sang Prabu dhisik, bokmanawa Sang Prabu nyembadani atur panyuwune abdine iki.

16. Amarga Sang Prabu mesthi bakal miyarsakake aku lan ngluwari aku saka tangane para wong kang sumedya nyirnakake aku bareng karo anakku, saka tanah pusakane warisane Gusti Allah.

17. Abdi dalem ugi manah: Pangandikane gustiku Sang Prabu mesthi ngayemake atiku, amargi gusti kawula Sang Prabu punika kados malaekatipun Gusti Allah, kados makaten gusti kawula Sang Prabu, ingkang saged milah-milahaken pundi ingkang sae saha pundi ingkang awon. Lan Pangeran Yehuwah, Gusti Allah dalem mugi nunggila kaliyan gusti kawula.”

18. Sang Prabu banjur paring pangandika marang wong wadon mau: “Mara sira aja ngumpetake marang ingsun, apa kang arep sundangokake marang sira.” Unjuke wong wadon: “Mugi gusti kawula Sang Prabu karsaa ngandika!”

19. Sang Prabu banjur ndangu: “Apa Yoab ora melu-melu karo sira mungguh ing prakara iki?” Wong wadon matur, unjuke: “Demi kasugengan dalem, dhuh gusti kawula Sang Prabu, kawula sampun boten saged menggak-menggok ngiwa utawi nengen malih saking sadaya ingkang dipun pangandikakaken gusti kawula Sang Prabu. Sajatosipun abdi dalem Sang Yoab piyambak ingkang dhawuhi kawula, panjenenganipun ingkang murugi abdi dalem ngunjukaken sadaya tembung punika.

20. Kanthi pangangkah ngewahi wujudipun prakawis punika, pramila abdi dalem Sang Yoab nindakaken prakawis punika. Nanging gusti kawula punika wicaksana kados malaekatipun Gusti Allah, temah nguningani samukawis ingkang kalampahan wonten ing bumi.”

21. Sawuse iku Sang Prabu ngandika marang Yoab: “Lah iya wis, panyuwun iki sunparengake. Lungaa, maranana wong anom Absalom iku, gawanen bali.”

22. Senapati Yoab banjur sujud, pasuryane konjem ing bumi lan nyembah klawan nyuwun berkah kagem Sang Prabu. Lan unjuke: “Ing dinten punika abdi dalem nyumerepi, bilih gusti kawula Sang Prabu karenan dhateng kawula, amargi gusti kawula sampun nyembadani panyuwunipun abdi dalem.”

maca bab lengkap 2 Samuel 14