Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Samuel 11:16-26 Kitab Sutji (JAV)

16. Ing wektu samana Senapati Yoab ngepung kutha Raba, Uria diprenahake ing panggonan kang wus kasumurupan, yen ana mungsuhe kang gagah prakosa.

17. Nalika para wong ing kutha iku metu nempuh perang nglawan Senapati Yoab, ana wadyabala sawatara kang kapupu, dalah Uria wong Het uga tiwas.

18. Senapati Yoab banjur utusan wong ngaturi pirsa marang Sang Prabu Dawud bab tumindake peperangan.

19. Panjenengane mekas marang utusan iku mangkene: “Sawuse ngaturake pawarta bab tumindake peperangan marang Sang Prabu,

20. lan manawa Sang Prabu mungkat dukane sarta ngandika mangkene: Yagene anggonira andon perang cedhak-cedhak kutha? Apa sira ora weruh, yen wong bakal nglepasake panah saka ing sandhuwure balowarti?

21. Sapa kang njalari tiwase Abimelekh bin Yerubeset? Apa dudu wong wadon kang ngglundhungake watu panggilingan saka ing balowarti, temahan mati ana ing Tebes? Yagene sira cedhak-cedhak karo balowarti mangkono? kowe nuli munjuka mangkene: Dalah abdi dalem Uria, tiyang Het punika ugi sampun nemahi pejah.”

22. Utusan iku banjur mangkat lan satekane ing kana ngaturi pirsa marang Sang Prabu Dawud sakehe piwelinge Senapati Yoab.

23. Utusan mau munjuk marang Sang Prabu Dawud: “Sarehne para mengsah punika kakiyatanipun ngungkuli kawula lan sami nempuh dhateng kawula wonten ing teba, pramila sami kawula unduraken ngantos dumugi ing ngajenging gapura.

24. Ing wekdal semanten para bala pamanah sami nglepasi panah dhateng para abdi dalem saking balowarti, temah abdi dalem sawatawis sami manggih tiwas, dalah abdi dalem Uria tiyang Het punika ugi nemahi pejah.”

25. Sang Prabu nuli ngandika marang utusan mau: “Sira matura marang Yoab mangkene: Prakara iku aja ndadekake esake atinira, amarga wis lumrah pamangsane pedhang ora pilih wong. Mulane pangrangsangira marang kutha iku sengkakna lan gempuren. Mangkono uga padha bombongen atine!”

26. Bareng somahe Uria krungu, yen Uria lakine wis tiwas, banjur nangisi patine.

maca bab lengkap 2 Samuel 11