Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Samuel 11:13-22 Kitab Sutji (JAV)

13. Esuke Sang Prabu Dawud dhawuh nimbali Uria didhawuhi ndherek dhahar lan ngunjuk, tuwin diendemi. Ing wayah bengi Uria tangi metu lan mapan turu ana ing paturone, amor karo para abdi dalem, ora mulih menyang omahe.

14. Esuke Sang Prabu Dawud damel serat marang Senapati Yoab lan dikirimake lantaran Uria.

15. Surasane layang iku mangkene: “Uria prenahna ing cucuking baris kang mbebayani, nuli sira sumingkira supaya wong iku tiwas.”

16. Ing wektu samana Senapati Yoab ngepung kutha Raba, Uria diprenahake ing panggonan kang wus kasumurupan, yen ana mungsuhe kang gagah prakosa.

17. Nalika para wong ing kutha iku metu nempuh perang nglawan Senapati Yoab, ana wadyabala sawatara kang kapupu, dalah Uria wong Het uga tiwas.

18. Senapati Yoab banjur utusan wong ngaturi pirsa marang Sang Prabu Dawud bab tumindake peperangan.

19. Panjenengane mekas marang utusan iku mangkene: “Sawuse ngaturake pawarta bab tumindake peperangan marang Sang Prabu,

20. lan manawa Sang Prabu mungkat dukane sarta ngandika mangkene: Yagene anggonira andon perang cedhak-cedhak kutha? Apa sira ora weruh, yen wong bakal nglepasake panah saka ing sandhuwure balowarti?

21. Sapa kang njalari tiwase Abimelekh bin Yerubeset? Apa dudu wong wadon kang ngglundhungake watu panggilingan saka ing balowarti, temahan mati ana ing Tebes? Yagene sira cedhak-cedhak karo balowarti mangkono? kowe nuli munjuka mangkene: Dalah abdi dalem Uria, tiyang Het punika ugi sampun nemahi pejah.”

22. Utusan iku banjur mangkat lan satekane ing kana ngaturi pirsa marang Sang Prabu Dawud sakehe piwelinge Senapati Yoab.

maca bab lengkap 2 Samuel 11