Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Samuel 11:1-10 Kitab Sutji (JAV)

1. Ing nalikane gumantining taun ing mangsane para ratu padha nglurug perang, Sang Prabu Dawud ngutus Senapati Yoab mangsah sawadyabalane lan bala Israel kabeh. Banjur numpes bani Amon lan ngepung kutha Raba, dene Sang Prabu Dawud piyambak kantun ana ing Yerusalem.

2. Nuju ing sawiji dina ing wayah sore, nalika Sang Prabu wungu saka pasareane, banjur ameng-ameng ana ing payoning kadhaton; saka ing kono katon ana wong wadon lagi adus; wong wadon iku ayu banget warnane.

3. Sang Prabu Dawud banjur utusan wong ndangu bab wong wadon iku; ana kang munjuk: “Punika rak Batsyeba, anakipun Eliam, semahipun Uria, tiyang Het.”

4. Sawuse iku Sang Prabu utusan nimbali. Wong wadon iku marak marang ngarsane Sang Prabu, banjur disareni. Wong wadon iku lagi rampung bae anggone sesuci saka najise nuli mulih menyang ngomahe.

5. Wong wadon iku tumuli ngandheg lan kongkonan wong ngaturi uninga marang Sang prabu Dawud, ature mangkene: “Kauningana, kawula wawrat.”

6. Sang Prabu Dawud banjur utusan wong kadhawuhan nglantarake pangandikane marang Senapati Yoab mangkene: “Uria wong Het iku dhawuhana seba marang ngarsaningsun.” Senapati Yoab banjur ndhawuhi Uria seba marang ngarsane Sang Prabu Dawud.

7. Nalika Uria lumebu seba ing ngarsane Sang Prabu didangu mungguh kaanane Senapati Yoab, wadyabala lan kaanane peperangan.

8. Sang Prabu Dawud tumuli dhawuh marang Uria: “Wis mundura, muliha lan wisuha sikil!” Nalika Uria mundur saka kraton, ana wong kang nututi nggawa peparinge Sang Prabu.

9. Nanging Uria mapan turu ana ing ngarepe gapuraning kraton, amor karo para abdi dalem lan ora mulih.

10. Sang Prabu diaturi pirsa mangkene: “Uria boten mantuk dhateng ing griyanipun.” Sang Prabu Dawud banjur ngandika marang Uria: “Sira rak lagi mulih saka ing paran? Yagene kok ora mulih?”

maca bab lengkap 2 Samuel 11