Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Samuel 1:1-13 Kitab Sutji (JAV)

1. Sasedane Sang Prabu Saul, nalika Senapati Dawud kondur saka ngasorake wong Amalek, sarta lereb rong dina ana ing Ziklag,

2. ing dina katelune ana wong panunggalane balane Sang Prabu Saul, panganggone rowak-rawek, lan sirahe kawur-wuran lemah. Bareng tekan ing ngarsane Sang Senapati Dawud, sujud konjem ing bumi sarta nyembah.

3. Sang Dawud ndangu wong mau: “Saka ngendi tekamu?” Atur wangsulane wong mau: “Kawula keplajeng saking pabarisanipun Israel.”

4. Pandangune maneh: “Kapriye pawartane? Mara aku caritanana!” Atur wangsulane: “Wadyabala sampun sami keplajeng saking paprangan, boten namung panunggilanipun wadyabala kemawon ingkang ambruk pejah, dalasan Sang Prabu Saul saha Pangeran Yonatan, putranipun, ugi sami seda.”

5. Senapati Dawud banjur ngandika marang wong kang nggawa pawarta iku: “Kapriye ngretimu, yen Sang Prabu Saul lan Pangeran Yonatan, putrane wis seda?”

6. Atur wangsulane kang nggawa pawarta mau: “Kapinujon kawula wonten ing pareden Gilboa; saking ngriku katingal Sang Prabu Saul lendhehan ing waosipun, mangka dipun oyak kreta-kreta tuwin bala kapalan.

7. Nalika noleh mawingking mirsani kawula, lajeng nimbali kawula, lan kawula matur: Nuwun, Gusti kawula.

8. Sang Prabu ndangu dhateng kawula: Kowe sapa? Wangsulan kawula: Kawula tiyang Amalek.

9. Lajeng pangandikanipun dhateng kawula: Mara mrenea, aku patenana, amarga aku krasa kejeng, nanging nyawaku isih.

10. Kawula nyelaki Sang Prabu lajeng kawula sedani, amargi kawula mangretos, bilih panjenenganipun temtu boten lestantun gesang, sasampunipun dhawah. Jamanging mustakanipun saha kelat baunipun sami kawula pendhet lan punika sadaya kawula aturaken wonten ing ngarsanipun gusti kawula.”

11. Senapati Dawud banjur nyuwek-nyuwek pangagemane lan wong kang padha ngadhep ana ing ngarsane iya padha tumindak mengkono.

12. Karodene padha nangis, anggone padha nangis karo puwasa nganti tumeka suruping srengenge, marga saka Sang Prabu Saul lan Pangeran Yonatan putrane, marga saka umate sang Yehuwah lan bangsa Israel, jalaran padha mati kapupu ing pedhang.

13. Senapati Dawud banjur ndangu maramg wong kang nggawa pawarta mau: “Pinangkamu saka ngendi?” Atur wangsulane: “Kawula punika tiyang nglembara, tiyang Amalek.”

maca bab lengkap 2 Samuel 1