Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Para Raja 8:3-13 Kitab Sutji (JAV)

3. Bareng wus pitung taun wong wadon iku bali saka ing nagarane wong Filisti lan banjur marek marang ing ngarsane Sang Nata lapur bab omah lan pategalane.

4. Ing nalika iku Sang Prabu lagi ngandika marang Gehazi, rencange abdining Allah: “Coba ingsun caritanana bab sakehing panggawene Nabi Elisa kang linuwih!”

5. Bareng Gehazi lagi nyritakake bab anggone Nabi Elisa nggesangake bocah kang wus mati, wong wadon kang anake diuripake iku teka marek marang ing ngarsane Sang Nata lapur bab omah lan pategalane. Gehazi tumuli munjuk: “Dhuh gusti kawula Sang Prabu, punika tiyangipun estri saha punika ingkang dipun gesangaken dening Nabi Elisa.”

6. Sang Nata tumuli ndangu marang wong wadon iku, dene wong wadon iku iya banjur mratelakake caritane kabeh marang panjenengane. Sang Prabu tumuli paring dhawuh marang sawijining punggawa kraton supaya mbarengi lakune wong wadon mau kalawan kaparingan piweling: “Sakehing barang darbeke lan sakehing pametune pategalane wiwit nalika wong wadon iku lunga saka ing nagara kene nganti saprene, iku balekna marang dheweke.”

7. Kacarita Nabi Elisa rawuh ing kutha Damsyik. Nalika iku Sang Prabu Benhadad, ratu ing nagara Aram pinuju gerah. Bareng Sang Prabu dicaosi uninga: “Abdining Allah sampun rawuh mriki.”

8. Sang Prabu dhawuh marang Hazael: “Sira nggawaa atur-atur lan methuka abdining Allah iku sarta nyuwuna pitedahe Pangeran Yehuwah lumantar abdine iku: Ingsun apa bakal senggang anggoningsun gerah iki.”

9. Hazael banjur methuk marang Nabi Elisa kalawan nggawa atur-atur arupa sakehing barang ing Damsyik kang endah-endah, kehe patang puluh momotan unta. Bareng wis tekan nuli sowan ing ngarsane Nabi Elisa lan matur: “Ingkang putra Sang Prabu Benhadad, ratu ing Aram, utusan kula aturipun: Punapa kula badhe senggang anggen kula gerah punika?”

10. Wangsulane Nabi Elisa: “Balia, matura marang panjenengane: Panjenengan dalem temtu badhe senggang. Nanging sanadyan mangkono, Pangeran Yehuwah wus paring wangsit marang aku, manawa panjenengane mesthi bakal seda, marga disedani.”

11. Nabi Elisa nuli mandeng mangarep nganti suwe, wasana abdining Allah iku banjur muwun.

12. Hazael matur: “Punapa sababipun dene bendara kula kok muwun?” Wangsulane Nabi Elisa: “Sabab aku sumurup, manawa kowe bakal nandukake piala kang gedhe banget marang wong Israel: kuthane beteng bakal padha kokobongi, wonge nonoman bakal padha kokpateni kalawan pedhang, bayine bakal padha kokbantingi lan wonge wadon kang ngandheg bakal padha kokbedheli.”

13. Bareng mangkono Hazael matur: “Nanging ingkang abdi punika sinten ta, rak namung segawon ta, lah kok saged nindakaken prakawis ingkang ngedab-edabi makaten?” Wangsulane Nabi Elisa: “Pangeran Yehuwah wus paring wangsit marang aku, manawa kowe bakal dadi ratu ing Aram.”

maca bab lengkap 2 Para Raja 8