Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Para Raja 7:14-20 Kitab Sutji (JAV)

14. Sawuse mangkono banjur padha njupuk kreta loro sajarane; Sang Nata nuli dhawuh marang wong-wong mau supaya nglari parane wadya-bala Aram, pangandikane: “Padha mangkata, satitekna!”

15. Banjur padha nututi nganti tekan ing bengawan Yarden, lah saurute dalan iku katon kebak sandhangan lan piranti kang padha dibuwang dening wong Aram nalika padha gugup lumayu. Para utusan nuli bali lan munjuk bab iku marang Sang Prabu.

16. Para wong kang manggon ing kutha tumuli padha metu njarah rayah papan pakuwone wong Aram. Marga saka iku glepung kang becik dhewe rega sasekel saseahe, lan sair rong seah regane sasekel, nocogi pangandikane Sang Yehuwah.

17. Anadene panggedhe prajurit kang dadi ajudane Sang Prabu mau kadhawuhan njaga ana ing gapura, nanging iku tumuli kapidak-pidak dening rakyat ana ing kono nganti mati, laras karo pangandikane abdining Allah, kang kaucapake nalika Sang Nata rawuh manggihi panjenengane.

18. Sabanjure kelakon uga apa kang diaturake abdining Allah marang Sang Prabu: “Benjing-enjing watawis ing wanci makaten punika wonten ing sakethenging kitha Samaria sair kalih seah badhe regi sasekel saha glepung ingkang sae piyambak saseah badhe regi sasekel.”

19. Nalika iku panggedhening prajurit mau matur marang abdining Allah: “Sanadyan Pangeran Yehuwah damel cendhela-cendhela wonten ing langit, bab punika kados pundi sagedipun kalampahan?” Nanging Nabi Elisa ngandika: “Lah kowe bakal sumurup kalawan mripatmu dhewe, nanging ora bakal melu mangan.”

20. Mangkono tinemune wong mau: Rakyat ngidak-idak dheweke ana ing gapura nganti mati.

maca bab lengkap 2 Para Raja 7