Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Para Raja 6:8-18 Kitab Sutji (JAV)

8. Kacarita ratu ing nagara Aram pinuju perang nglawan Israel. Nalika rembagan karo para punggawane, ngandika mangkene: “Ingsun bakal makuwon ana ing panggonan kono utawa ing kana.”

9. Nanging abdining Allah utusan wong sowan ing ngarsane Sang Nata ing Israel, kadhawuhan matur: “Ingkang ngatos-atos, sampun ngantos langkung ing panggenan punika, amargi tiyang Aram sampun sami mandhap mriku.”

10. Awit saka iku Sang Nata ing Israel dhawuh supaya wong padha menyang ing panggonan kang dipangandikakake dening abdining Allah. Mangkono anggone Nabi Elisa ngengetake panjenengane, supaya kang ngatos-atos, iku ora mung ping pisan ping pindho.

11. Ing kono panggalihe Sang Nata ing Aram banjur bingung banget, nuli nimbali para punggawane, padha dipangandikani: “Apa sira ora padha bisa caos katrangan marang ingsun, panunggalan kita iku sapa ta kang sakuthon karo ratu ing Israel?”

12. Nanging salah sawijining punggawane munjuk: “Boten, dhuh gusti kawula Sang Prabu, namung kemawon Nabi Elisa, Nabi ingkang wonten ing Israel, punika ingkang ngaturi uninga dhateng ratu ing Israel bab pangandika ingkang kalairaken dening gusti kawula wonten ing kamar pasarean dalem.”

13. Sang Nata ngandika: “Sira lungaa, golekana panggonane, supaya ingsun bisa utusan nyekel wong iku.” Nuli padha matur: “Wonten ing Dotan.”

14. Sang Prabu banjur ngintunake bala jaranan lan bala kretan sarta wadya-bala gedhe. Tekane ing wayah bengi, nuli ngepung kuthane.

15. Bareng rencange abdining Allah esuk uthuk-uthuk tangi lan metu menyang ing jaba, katon ana wadya-bala jaranan lan kretan kang ngepung kutha iku. Rencange mau tumuli matur marang panjenengane: “Adhuh, bilai bendara kula! Kadospundi punika sakecanipun?”

16. Paring wangsulane: “Aja wedi, amarga kang nunggal karo kita iku kehe ngungkuli kang padha nunggal karo wong-wong iku.”

17. Nabi Elisa banjur ndedonga: “Dhuh Pangeran Yehuwah, Paduka mugi karsaa mbikak mripatipun, supados piyambakipun sumerep.” Pangeran Yehuwah tumuli mbikak mripate batur mau, satemah bisa sumurup. Gununge katon kebak prajurit jaranan lan kretan kang murub, kang ana ing sakubenge Nabi Elisa.

18. Bareng wong Aram padha mudhun marani, Nabi Elisa ndedonga marang Sang Yehuwah: “Mugi Paduka karsaa micakaken tiyang-tiyang punika.” Pangeran Yehuwah iya banjur micakake mripate wong-wong mau, nocogi pandongane Nabi Elisa.

maca bab lengkap 2 Para Raja 6