Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Para Raja 6:14-24 Kitab Sutji (JAV)

14. Sang Prabu banjur ngintunake bala jaranan lan bala kretan sarta wadya-bala gedhe. Tekane ing wayah bengi, nuli ngepung kuthane.

15. Bareng rencange abdining Allah esuk uthuk-uthuk tangi lan metu menyang ing jaba, katon ana wadya-bala jaranan lan kretan kang ngepung kutha iku. Rencange mau tumuli matur marang panjenengane: “Adhuh, bilai bendara kula! Kadospundi punika sakecanipun?”

16. Paring wangsulane: “Aja wedi, amarga kang nunggal karo kita iku kehe ngungkuli kang padha nunggal karo wong-wong iku.”

17. Nabi Elisa banjur ndedonga: “Dhuh Pangeran Yehuwah, Paduka mugi karsaa mbikak mripatipun, supados piyambakipun sumerep.” Pangeran Yehuwah tumuli mbikak mripate batur mau, satemah bisa sumurup. Gununge katon kebak prajurit jaranan lan kretan kang murub, kang ana ing sakubenge Nabi Elisa.

18. Bareng wong Aram padha mudhun marani, Nabi Elisa ndedonga marang Sang Yehuwah: “Mugi Paduka karsaa micakaken tiyang-tiyang punika.” Pangeran Yehuwah iya banjur micakake mripate wong-wong mau, nocogi pandongane Nabi Elisa.

19. Nabi Elisa tumuli ngandika marang wong-wong iku: “Dudu iki dalane lan dudu iki kuthane. Mara melua aku, kowe bakal padha dakterake menyang ing panggonane wong kang padha kokgoleki.” Nuli padha diterake menyang ing Samaria.

20. Bareng wus padha tekan ing Samaria, Nabi Elia munjuk: “Dhuh Pangeran Yehuwah, Paduka mugi karsaa mbikak mripatipun tiyang-tiyang punika, supados sami saged ningali.” Pangeran Yehuwah iya nuli mbikak mripate, temahan padha bisa ndeleng, sarta padha kaeraman, dene padha ana ing satengahing kutha Samaria.

21. Sang Nata ing Israel banjur ndangu marang Nabi Elisa, nalika mirsa wong-wong mau: “Punapa tiyang-tiyang punika prayoginipun sami kula pejahi, rama?”

22. Nanging atur wangsulane: “Sampun! Punapa panjenengan dalem adatipun inggih mejahi ingkang panjenengan dalem tawan kaliyan pedhang saha kaliyan jemparing dalem? Sami panjenengan dalem paringi nedha tuwin ngombe, supados sami nedha lan ngombe, saha lajeng kajengipun sami wangsul dhateng ing gustinipun.”

23. Wong-wong mau nuli padha disuguh gedhen-gedhen, lan padha mangan tuwin ngombe. Sawuse mangkono banjur padha diparengake mundur, bali menyang ing ngarsane gustine. Wiwit nalika iku ora ana grombolane wong Aram maneh kang lumebu ing nagara Israel.

24. Kacarita sawuse mangkono Sang Prabu Benhadad, ratu ing Aram nglumpukake sabalane kabeh, banjur nglurug sarta ngepung Samaria.

maca bab lengkap 2 Para Raja 6