Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Para Raja 6:11-19 Kitab Sutji (JAV)

11. Ing kono panggalihe Sang Nata ing Aram banjur bingung banget, nuli nimbali para punggawane, padha dipangandikani: “Apa sira ora padha bisa caos katrangan marang ingsun, panunggalan kita iku sapa ta kang sakuthon karo ratu ing Israel?”

12. Nanging salah sawijining punggawane munjuk: “Boten, dhuh gusti kawula Sang Prabu, namung kemawon Nabi Elisa, Nabi ingkang wonten ing Israel, punika ingkang ngaturi uninga dhateng ratu ing Israel bab pangandika ingkang kalairaken dening gusti kawula wonten ing kamar pasarean dalem.”

13. Sang Nata ngandika: “Sira lungaa, golekana panggonane, supaya ingsun bisa utusan nyekel wong iku.” Nuli padha matur: “Wonten ing Dotan.”

14. Sang Prabu banjur ngintunake bala jaranan lan bala kretan sarta wadya-bala gedhe. Tekane ing wayah bengi, nuli ngepung kuthane.

15. Bareng rencange abdining Allah esuk uthuk-uthuk tangi lan metu menyang ing jaba, katon ana wadya-bala jaranan lan kretan kang ngepung kutha iku. Rencange mau tumuli matur marang panjenengane: “Adhuh, bilai bendara kula! Kadospundi punika sakecanipun?”

16. Paring wangsulane: “Aja wedi, amarga kang nunggal karo kita iku kehe ngungkuli kang padha nunggal karo wong-wong iku.”

17. Nabi Elisa banjur ndedonga: “Dhuh Pangeran Yehuwah, Paduka mugi karsaa mbikak mripatipun, supados piyambakipun sumerep.” Pangeran Yehuwah tumuli mbikak mripate batur mau, satemah bisa sumurup. Gununge katon kebak prajurit jaranan lan kretan kang murub, kang ana ing sakubenge Nabi Elisa.

18. Bareng wong Aram padha mudhun marani, Nabi Elisa ndedonga marang Sang Yehuwah: “Mugi Paduka karsaa micakaken tiyang-tiyang punika.” Pangeran Yehuwah iya banjur micakake mripate wong-wong mau, nocogi pandongane Nabi Elisa.

19. Nabi Elisa tumuli ngandika marang wong-wong iku: “Dudu iki dalane lan dudu iki kuthane. Mara melua aku, kowe bakal padha dakterake menyang ing panggonane wong kang padha kokgoleki.” Nuli padha diterake menyang ing Samaria.

maca bab lengkap 2 Para Raja 6