Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Para Raja 6:1-20 Kitab Sutji (JAV)

1. Ing sawijining dina ana nabi sagelengan kang matur marang Nabi Elisa: “Cobi kula aturi mirsani, papan ingkang sami kula enggeni celak panjenengan punika kerupeken.

2. Kula sami keparenga kesah dhateng benawi Yarden lan sami badhe mendhet balok nyatunggal saking ngrika, lajeng sami badhe damel griya.” Paring wangsulane Nabi Elisa: “Iya mangkata!”

3. Ana siji kang nuli matur: “Panjenengan mugi karsaa tindak sesarengan kaliyan para abdi panjenengan punika.” Paring wangsulane: “Iya becik, aku dakmelu.”

4. Dadine iya banjur tindak nyarengi wong-wong mau. Bareng wis padha tekan ing bengawan Yarden, nuli padha negori wit-witan.

5. Tumuli kelakon, nalika panunggalane ana siji kang negor wit, wadunge kecemplung ing banyu. Banjur sesambat: “Adhuh bendara kula, punika barang sambutan!”

6. Nanging abdining Allah ngandika: “Ana ngendi tibane?” Wong iku nuli nuduhake prenahe. Nabi Elisa tumuli ngethok kayu, diuncalake mrono, temah wadunge kumambang.

7. Panjenengane banjur ngandika: “Wis, jupuken!” Wong mau nuli mulung tangane njupuk wadunge.

8. Kacarita ratu ing nagara Aram pinuju perang nglawan Israel. Nalika rembagan karo para punggawane, ngandika mangkene: “Ingsun bakal makuwon ana ing panggonan kono utawa ing kana.”

9. Nanging abdining Allah utusan wong sowan ing ngarsane Sang Nata ing Israel, kadhawuhan matur: “Ingkang ngatos-atos, sampun ngantos langkung ing panggenan punika, amargi tiyang Aram sampun sami mandhap mriku.”

10. Awit saka iku Sang Nata ing Israel dhawuh supaya wong padha menyang ing panggonan kang dipangandikakake dening abdining Allah. Mangkono anggone Nabi Elisa ngengetake panjenengane, supaya kang ngatos-atos, iku ora mung ping pisan ping pindho.

11. Ing kono panggalihe Sang Nata ing Aram banjur bingung banget, nuli nimbali para punggawane, padha dipangandikani: “Apa sira ora padha bisa caos katrangan marang ingsun, panunggalan kita iku sapa ta kang sakuthon karo ratu ing Israel?”

12. Nanging salah sawijining punggawane munjuk: “Boten, dhuh gusti kawula Sang Prabu, namung kemawon Nabi Elisa, Nabi ingkang wonten ing Israel, punika ingkang ngaturi uninga dhateng ratu ing Israel bab pangandika ingkang kalairaken dening gusti kawula wonten ing kamar pasarean dalem.”

13. Sang Nata ngandika: “Sira lungaa, golekana panggonane, supaya ingsun bisa utusan nyekel wong iku.” Nuli padha matur: “Wonten ing Dotan.”

14. Sang Prabu banjur ngintunake bala jaranan lan bala kretan sarta wadya-bala gedhe. Tekane ing wayah bengi, nuli ngepung kuthane.

15. Bareng rencange abdining Allah esuk uthuk-uthuk tangi lan metu menyang ing jaba, katon ana wadya-bala jaranan lan kretan kang ngepung kutha iku. Rencange mau tumuli matur marang panjenengane: “Adhuh, bilai bendara kula! Kadospundi punika sakecanipun?”

16. Paring wangsulane: “Aja wedi, amarga kang nunggal karo kita iku kehe ngungkuli kang padha nunggal karo wong-wong iku.”

17. Nabi Elisa banjur ndedonga: “Dhuh Pangeran Yehuwah, Paduka mugi karsaa mbikak mripatipun, supados piyambakipun sumerep.” Pangeran Yehuwah tumuli mbikak mripate batur mau, satemah bisa sumurup. Gununge katon kebak prajurit jaranan lan kretan kang murub, kang ana ing sakubenge Nabi Elisa.

18. Bareng wong Aram padha mudhun marani, Nabi Elisa ndedonga marang Sang Yehuwah: “Mugi Paduka karsaa micakaken tiyang-tiyang punika.” Pangeran Yehuwah iya banjur micakake mripate wong-wong mau, nocogi pandongane Nabi Elisa.

19. Nabi Elisa tumuli ngandika marang wong-wong iku: “Dudu iki dalane lan dudu iki kuthane. Mara melua aku, kowe bakal padha dakterake menyang ing panggonane wong kang padha kokgoleki.” Nuli padha diterake menyang ing Samaria.

20. Bareng wus padha tekan ing Samaria, Nabi Elia munjuk: “Dhuh Pangeran Yehuwah, Paduka mugi karsaa mbikak mripatipun tiyang-tiyang punika, supados sami saged ningali.” Pangeran Yehuwah iya nuli mbikak mripate, temahan padha bisa ndeleng, sarta padha kaeraman, dene padha ana ing satengahing kutha Samaria.

maca bab lengkap 2 Para Raja 6