Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Para Raja 4:13-21 Kitab Sutji (JAV)

13. Nabi Elisa maune wus ngandika marang Gehazi: “Kandhaa marang wong wadon iku: Kula sampun sami panjenengan gumatosi kalayan kangelan ngantos samanten punika; punapa ingkang badhe kula walesaken dhateng panjenengan? Punapa wonten bab ingkang prelu dipun aturaken dhumateng Sang Prabu utawi dhateng pangagenging wadya-bala tumrap panjenengan?” Atur wangsulane wong wadon mau: “Kula punika manggen wonten ing satengahing bangsa kula.”

14. Nabi Elisa nuli ngandika: “Manawa mangkono apa ta kang kena daktindakake kanggo kapreluane wong iku?” Ature Gehazi: “Ah, piyambakipun boten gadhah anak, mangka semahipun sampun sepuh.”

15. Nabi Elisa tumuli ngandika: “Undangen wong iku!” Bareng wus katimbalan, wong wadon iku ngadeg ana ing lawang.

16. Nabi Elisa ngandika: “Ing taun ngarep pendhake mangsa mangkene, kowe bakal mondhong anak lanang.” Nanging atur wangsulane wong wadon mau: “Sampun ta bendara kula, dhuh abdining Allah! Sampun ngandika ingkang boten nyata dhateng abdi panjenengan punika!”

17. Wong wadon iku banjur ngandheg lan duwe anak lanang ing pendhake mangsa iku uga, ing taun candhake, cocog karo pangandikane Nabi Elisa marang dheweke.

18. Bareng bocah mau wus gedhe, ing sawijining dina lunga marani bapakne ana ing satengahe para wong kang padha derep.

19. Dumadakan banjur njerit ana ing ngarepe bapakne: “Adhuh sirah kula, sirah kula!” Bapakne nuli prentah marang batur: “Gendhongen bocah iki, parakna marang ibune!”

20. Bocahe banjur digendhong, digawa mulih diparakake marang ibune. Tumuli lungguh ing pangkone ibune nganti wayah tengange, nanging sawuse iku nuli tinggal donya.

21. Wong wadon mau tumuli munggah, bocahe diturokake ing pasareane abdining Allah. Lawange diinebake lan sawuse mangkono wong wadon iku banjur lunga, dadine mung bocahe thok kang ana ing jero kamar.

maca bab lengkap 2 Para Raja 4