Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Para Raja 25:9-20 Kitab Sutji (JAV)

9. banjur mbesmi padalemaning Pangeran Yehuwah, kadhaton lan sakehing omah ing Yerusalem; daleming para panggedhe padha kaobong ing geni.

10. Tembok ing sakubenge kutha Yerusalem karubuhake dening wadya-bala ing Kasdim kang ana, bebarengan karo panggedhening prajurit tamtama mau.

11. Kekarening rakyat kang isih ana ing kutha kono lan para wong kang mbalik mbiyantu Sang Nata ing Babil sarta kekarening masyarakat padha kaparakake marang ing pambuwangan dening Sang Nebuzaradan, panggedhening wadya-bala tamtama mau.

12. Mung ana wong kang mlarat sawatara kang dikarekake ana ing nagara kono dening panggedhening prajurit tamtama iku, kareben padha dadi tukang kebon anggur lan dadi wong tani.

13. Uga saka-saka tembaga ing padalemaning Sang Yehuwah lan kretan panuwak sarta segaran tembaga kang ana ing padalemaning Sang Yehuwah padha dipecahi dening wong Kasdim, dene tembagane digawa menyang ing Babil.

14. Kwali-kwali, sorok-sorok, lading-lading lan piring-piring sarta sakehing piranti tembaga kang kanggo nindakake tata pangibadah, padha dijupuki,

15. uga padupan-padupan lan bokor-bokor panyiraman, kang emas utawa kang selaka, iku padha dibektani dening panggedhening prajurit tamtama mau.

16. Dene saka loro-lorone, segaran siji lan kretan-kretanan panuwak yasane Sang Prabu Suleman kanggo ing padalemaning Sang Yehuwah, sakehe barang-barang iku tembagane nganti ora kena katimbang.

17. Saka kang siji dhuwure wolulas asta, ing dhuwure ana krebil tembaga; dhuwure krebil iku telung asta lan nam-namane lan tetironing woh dlima kang ana ing sadhuwure krebil mubeng, iku kabeh uga tembaga. Lan kaya mangkono uga saka sijine dalasan nam-namane.

18. Panggedhening wadya-bala tamtama mau banjur nyepeng Sang Seraya, imam-agung, lan Zefanya, imam pangkat loro lan para kang jaga lawang telu.

19. Punggawa kraton ing kutha kono kang diangkat dadi panggedhening wadya-bala, abdi peladose pribadi Sang Nata kang ana ing kutha kono cacahe lima, sekretarising panggedhene wadya-bala kang nglumpukake rakyat kadadekake prajurit sarta wong saka ing satengahing rakyat ing nagara kono cacah sawidak, iku padha ditangkep kabeh.

20. Wong-wong mau padha dicekeli dening Sang Nebuzaradan, panggedhening wadya-bala tamtama, banjur padha disebakake marang ing ngarsane Sang Nata ing Babil, ana ing Ribla.

maca bab lengkap 2 Para Raja 25