Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Para Raja 25:7-16 Kitab Sutji (JAV)

7. Para putrane Sang Prabu Zedhekia padha disembelehi ana ing ngarsane. Sawuse mangkono Sang Prabu Zedhekia kadamel wuta paningale, banjur kablenggu kalawan rante tembaga lan katawan menyang ing Babil.

8. Kacarita ing sasi kang kalima ing tanggal kaping pitu ing sasi iku -- iku taun kang kaping sangalase jamane Sang Prabu Nebukadnezar, ratu ing Babil -- Sang Nebuzaradan, panggedhening wadya-bala tamtama, punggawane Sang Nata ing Babil, rawuh ing Yerusalem,

9. banjur mbesmi padalemaning Pangeran Yehuwah, kadhaton lan sakehing omah ing Yerusalem; daleming para panggedhe padha kaobong ing geni.

10. Tembok ing sakubenge kutha Yerusalem karubuhake dening wadya-bala ing Kasdim kang ana, bebarengan karo panggedhening prajurit tamtama mau.

11. Kekarening rakyat kang isih ana ing kutha kono lan para wong kang mbalik mbiyantu Sang Nata ing Babil sarta kekarening masyarakat padha kaparakake marang ing pambuwangan dening Sang Nebuzaradan, panggedhening wadya-bala tamtama mau.

12. Mung ana wong kang mlarat sawatara kang dikarekake ana ing nagara kono dening panggedhening prajurit tamtama iku, kareben padha dadi tukang kebon anggur lan dadi wong tani.

13. Uga saka-saka tembaga ing padalemaning Sang Yehuwah lan kretan panuwak sarta segaran tembaga kang ana ing padalemaning Sang Yehuwah padha dipecahi dening wong Kasdim, dene tembagane digawa menyang ing Babil.

14. Kwali-kwali, sorok-sorok, lading-lading lan piring-piring sarta sakehing piranti tembaga kang kanggo nindakake tata pangibadah, padha dijupuki,

15. uga padupan-padupan lan bokor-bokor panyiraman, kang emas utawa kang selaka, iku padha dibektani dening panggedhening prajurit tamtama mau.

16. Dene saka loro-lorone, segaran siji lan kretan-kretanan panuwak yasane Sang Prabu Suleman kanggo ing padalemaning Sang Yehuwah, sakehe barang-barang iku tembagane nganti ora kena katimbang.

maca bab lengkap 2 Para Raja 25