Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Para Raja 25:1-9 Kitab Sutji (JAV)

1. Mulane nalika ing taun kang kaping sangane jaman paprentahane, ing sasi kang kaping sepuluh, ing tanggal kaping sepuluh ing sasi iku, Sang Prabu Nebukadnezar, ratu ing Babil, rawuh kadherekake ing wadya-balane kabeh lan banjur nempuh Yerusalem. Sang Nata nuli makuwon lan dhawuh ngepung kutha iku sarta ngedegake tembok pangepungan ing sakubenge.

2. Kaya mangkono anggone kutha mau kakepung nganti ing taun kang kaping sawelase jamane Sang Prabu Zedhekia.

3. Ing nalika tanggal kaping sanga sasi kang kaping pat, bareng pailan wus ngamuk nggegirisi ana ing kutha kono lan rakyat ing kono wus kentekan pangan,

4. temboking kutha kabobol lan sakehing wadya-bala ing wayah tengah wengi padha lumayu liwat ing gapura ing antarane tembok loro kang ana ing sacedhake patamanan kraton, sanadyan wong Kasdim padha ngepung ing sakubenge kutha mau. Wong-wong mau padha lumayu menyang ing Araba-Yordan.

5. Nanging wadya-bala ing Kasdim padha ngoyak Sang Prabu, lan kacepeng ana ing tanah warata ing Yerikho, sakehe wadya-balane wus padha bubar buyar ninggal panjenengane.

6. Sang Prabu bareng wus kacepeng nuli kaaturake marang ing ngarsane Sang Nata ing Babil ana ing Ribla, kang banjur ndhawahake paukuman marang panjenengane.

7. Para putrane Sang Prabu Zedhekia padha disembelehi ana ing ngarsane. Sawuse mangkono Sang Prabu Zedhekia kadamel wuta paningale, banjur kablenggu kalawan rante tembaga lan katawan menyang ing Babil.

8. Kacarita ing sasi kang kalima ing tanggal kaping pitu ing sasi iku -- iku taun kang kaping sangalase jamane Sang Prabu Nebukadnezar, ratu ing Babil -- Sang Nebuzaradan, panggedhening wadya-bala tamtama, punggawane Sang Nata ing Babil, rawuh ing Yerusalem,

9. banjur mbesmi padalemaning Pangeran Yehuwah, kadhaton lan sakehing omah ing Yerusalem; daleming para panggedhe padha kaobong ing geni.

maca bab lengkap 2 Para Raja 25