Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Para Raja 24:10-20 Kitab Sutji (JAV)

10. Ing nalika iku para abdine Sang Prabu Nebukadnezar, ratu ing Babil, nempuh Yerusalem sarta kutha iku banjur kakepung.

11. Sang Prabu Nebukadnezar, ratu ing Babil, uga rawuh lan nempuh kutha iku, nalika para abdine lagi padha ngepung.

12. Sang Prabu Yoyakhin, ratu ing Yehuda, nuli miyos manggihi Sang Nata ing Babil, panjenengane piyambak, kang ibu, para punggawane, para panggedhene lan para abdine ing kedhatone. Sang Prabu banjur kacepeng dening Sang Nata ing Babil, ing taun kang kaping wolune ing jaman paprentahane.

13. Sang Prabu Nebukadnezar nuli mundhuti sakehe barang ing pasimpenane padalemaning Sang Yehuwah lan barang-barang ing pasimpenaning kraton; emasing sakehe prabot yasane Sang Prabu Suleman, ratu ing Israel, kang ana ing padalemaning Sang Yehuwah, padha diklentheki kabeh, ngetrepi apa kang wus kapangandikakake dening Pangeran Yehuwah.

14. Sabanjure wong kang manggon ing Yerusalem padha diboyongi kabeh diparakake marang ing pambuwangan, dalah sakehe panggedhe lan prawira kang gagah prakosa; cacahe tawanan ana sepuluh ewu, mangkono uga sakehe tukang lan pandhe; ora ana kang dikarekake, kajaba mung para wong kang kagolong rakyat jembel.

15. Sang Prabu Yoyakhin kapurugake marang ing pambuwangan ing Babil, uga kang ibu, para garwane Sang Nata, para abdi ing kedhatone lan para panggedhe ing nagara kono, iku padha kaboyongan dadi wong buwangan saka ing Yerusalem menyang ing Babil.

16. Sakehe wong kang gagah prakosa, cacahe pitung ewu, para tukang lan pandhe, cacahe sewu, sakehe wong prawira kang kendel ing perang, iku kabeh padha kaboyongan dening Sang Nata ing Babil, kabuwang menyang ing Babil.

17. Sang Nata ing Babil banjur njumenengake ratu Sang Matanya, kang paman Sang Prabu Yoyakhin, nggentosi panjenengane, sarta nyantuni asmane Sang Matanya dadi Zedhekia.

18. Pangeran Zedhekia nalika jumeneng ratu iku yuswane selikur taun, dene anggone ngasta paprentahan ing Yerusalem lawase sewelas taun. Kang ibu asmane Hamutal, putri putrane Sang Yeremia, saka ing Libna.

19. Sang Prabu nindakake apa kang ala ana ing paningaling Sang Yehuwah, plek kaya kang dilampahi dening Sang Prabu Yoyakim.

20. Awit marga saka dukane Pangeran Yehuwah, bab iku mau tumanduk marang Yerusalem lan Yehuda, yaiku bab anggone padha kasingkirake dening Pangeran Yehuwah saka ing pangayunane.Kacarita Sang Prabu Zedhekia mbalela marang Sang Nata ing Babil.

maca bab lengkap 2 Para Raja 24