Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Para Raja 21:9-26 Kitab Sutji (JAV)

9. Nanging ora padha gelem ngrungokake, padha kasasarake dening Sang Prabu Manasye, satemah padha nglakoni kang ala, ngluwihi para bangsa kang wus padha kasirnakake dening Pangeran Yehuwah saka ing ngarepe wong Israel.

10. Pangeran Yehuwah tumuli ngandika lumantar para abdine, yaiku para nabi:

11. “Ing sarehne Manasye, ratu ing Yehuda, wus nglakoni kanisthan-kanisthan iki, nglakoni piala ngungkuli sakehing panggawene wong Amori, kang anane ing sadurunge, lan srana brahala-brahalane njalari wong Yehuda uga banjur nindakake dosa,

12. mulane mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel: “Lah Ingsun bakal ndhatengake bilai ana ing Yerusalem lan ing Yehuda, satemah saben wong kang krungu nganti sumruwung kupinge karo pisan.

13. Sarta Ingsun bakal ngetrapi tali pangukuran marang Yerusalem padha kaya marang Samaria lan tali lod padha kaya marang brayate Akhab; sarta Ingsun bakal ngresiki kayadene patrape wong ngresiki pinggan, yen wus diresiki banjur diwalik dikurebake.

14. Kekarene pusaka kagunganingSun bakal Sunbucal, Sunulungake marang ing tanganing para mungsuhe, satemah dadi jarahan lan dadi bandhanganing sakehe mungsuhe,

15. awit wus padha nglakoni apa kang ala ana ing paningalingSun lan marga saka mangkono padha gawe gerahing panggalihingSun, wiwit nalika para leluhure padha metu saka ing tanah Mesir nganti tumeka ing dina iki.”

16. Sabanjure Sang Prabu Manasye ngwutahake getihe wong kang ora luput nganti makaping-kaping, nganti ngebaki Yerusalem wiwit poncot tekan poncot, iku durung kapetung dosa-dosane kang njalari wong Yehuda banjur nglakoni dosa uga, yaiku nindakake apa kang ala ana ing paningaling Sang Yehuwah.

17. Anadene kekarene riwayate Sang Prabu Manasye, sakehing pandamele lan dosa-dosa kang dilampahi, iku kabeh rak wus katulisan ana ing buku sejarahe para ratu ing Yehuda.

18. Sang Prabu Manasye nuli kepareng ngaso nunggil karo para leluhure lan banjur kasarekake ana ing patamananing kratone, ing patamanan Uza. Dene Pangeran Amon, kang putra, tumuli jumeneng ratu nggentosi panjenengane.

19. Nalika Pangeran Amon jumeneng ratu iku yuswane rolikur taun, dene anggone ngasta paprentahan ana ing Yerusalem suwene rong taun. Kang ibu asma Mesulemet, putri putrane Sang Harus, saka ing Yotba.

20. Sang Prabu nglampahi apa kang ala ana ing paningaling Sang Yehuwah padha kaya kang wus katindakake dening Sang Prabu Manasye, kang rama.

21. Sugenge kaya ramane biyen, kambi ngabekti marang para brahala kang disembah-sembah dening ramane, sarta sujud nyembah marang iku.

22. Panjenengane nilar Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhure lan sugenge ora manut karsaning Sang Yehuwah.

23. Para punggawane Sang Prabu Amon banjur padha nganakake sekuthon nglawan panjenengane, Sang Prabu disedani ana ing kratone.

24. Nanging kang padha sekuthon nglawan marang Sang Prabu Amon mau banjur padha dipateni dening rakyat ing nagara kono. Rakyat ing nagara kono mau nuli padha njumenengake ratu Pangeran Yosia, kang putra, nggentosi panjenengane.

25. Anadene kekarene riwayate Sang Prabu Amon, apa kang katindakake, iku kabeh rak wus katulisan ana ing buku sejarahe para ratu ing Yehuda.

26. Sang Prabu banjur kasarekake ing pasareane ana ing petamanan Uza. Anadene Pangeran Yosia, kang putra, tumuli jumeneng ratu nggentosi panjenengane.

maca bab lengkap 2 Para Raja 21