Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Para Raja 2:4-12 Kitab Sutji (JAV)

4. Nabi Elia tumuli ngandika marang Elisa: “He Elisa, kowe keria ana ing kene, sabab aku kadhawuhan dening Pangeran Yehuwah menyang Yerikho.” Nanging atur wangsulane: “Dhemi Pangeran Yehuwah ingkang gesang, saha dhemi gesang panjenengan piyambak, kula temtu boten badhe nilar panjenengan.” Mangkono tindake wus padha rawuh ing Yerikho.

5. Ing nalika iku ana nabi ing Yerikho sapantha kang padha nyedhaki Elisa lan padha pratela: “Punapa panjenengan sampun mirsa, bilih bendara panjenengan badhe kapulung dhateng swarga dening Pangeran Yehuwah?” Wangsulane: “Aku iya wis ngreti, padha menenga bae!”

6. Nabi Elia banjur ngandika marang Elisa: “Kowe keria ana ing kene, sabab aku kadhawuhan dening Pangeran Yehuwah menyang ing bengawan Yarden.” Atur wangsulane: “Dhemi Pangeran Yehuwah ingkang gesang, saha dhemi gesang panjenengan piyambak kula saestu boten badhe nilar panjenengan.” Banjur padha nglajengake tindake.

7. Pepanthan nabi mau ana seket kang padha ndherekake, nanging tumuli padha mung ngadeg lan ngawasake saka ing kadohan bae, nalika kekalihe padha jumeneng ing sapinggire bengawan Yarden.

8. Nabi Elia nuli mundhut ageme jubah, digulung lan disabetake ing banyu, temah piyak ngiwa nengen; kekalihe banjur padha nyabrang lumampah ing gasikan.

9. Anadene bareng wus padha nyabrang, Nabi Elia tumuli ngandika marang Elisa: “Kowe njaluk apa, kang bakal daktandukake marang kowe, sadurunge aku kapulung saka ing ngarepmu?” Atur wangsulane Elisa: “Kula mugi kadunungana kalih bageaning roh panjenengan.”

10. Pangandikane Nabi Elia: “Kang kokjaluk iku prakara kang angel. Nanging manawa kowe bisa ndeleng anggonku kapulung saka ing ngarepmu, kowe mesthi bakal kelakon kaya mangkono, dene manawa ora, iya bakal ora kelakon.”

11. Nalika lagi padha nglajengake tindake kalawan ngandika, dumadakan ana kareta murub, tinarik ing jaran murub kang misah kekalihe, Nabi Elia banjur minggah ing swarga ana ing satengahing lesus.

12. Nalika Elisa ndeleng kang mangkono iku, nuli nguwuh: “Dhuh rama kula, rama kula! Kretaning Israel dalah para tiyangipun ingkang sami numpak kapal!” Sawuse mangkono banjur wus ora ketingal maneh marang Elisa. Elisa tumuli nyandhak panganggone lan disuwek dadi loro,

maca bab lengkap 2 Para Raja 2