Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Para Raja 2:1-6 Kitab Sutji (JAV)

1. Kacarita nalika Nabi Elia bakal kasengkakake menyang ing swarga dening Pangeran Yehuwah ing satengahe lesus, Nabi Elia mau pinuju tindak saka ing Gilgal kadherekake dening Elisa.

2. Nabi Elia ngandika marang Elisa: “Kowe keria ing kene, sabab Pangeran Yehuwah ngutus aku menyang Betel.” Nanging Elisa mangsuli, ature: “Dhemi Pangeran Yehuwah ingkang gesang saha dhemi gesang panjenengan piyambak, kula saestu boten badhe nilar panjenengan.” Dadine banjur padha tindak menyang Betel.

3. Ing nalika samana nuli ana nabi ing Betel sapantha kang padha methukake Elisa sarta padha pratela: “Punapa panjenengan sampun mirsa, bilih ing dinten punika bendara panjenengan badhe kapulung dhateng swarga dening Sang Yehuwah?” Wangsulane: “Aku iya wus mangreti, padha menenga bae!”

4. Nabi Elia tumuli ngandika marang Elisa: “He Elisa, kowe keria ana ing kene, sabab aku kadhawuhan dening Pangeran Yehuwah menyang Yerikho.” Nanging atur wangsulane: “Dhemi Pangeran Yehuwah ingkang gesang, saha dhemi gesang panjenengan piyambak, kula temtu boten badhe nilar panjenengan.” Mangkono tindake wus padha rawuh ing Yerikho.

5. Ing nalika iku ana nabi ing Yerikho sapantha kang padha nyedhaki Elisa lan padha pratela: “Punapa panjenengan sampun mirsa, bilih bendara panjenengan badhe kapulung dhateng swarga dening Pangeran Yehuwah?” Wangsulane: “Aku iya wis ngreti, padha menenga bae!”

6. Nabi Elia banjur ngandika marang Elisa: “Kowe keria ana ing kene, sabab aku kadhawuhan dening Pangeran Yehuwah menyang ing bengawan Yarden.” Atur wangsulane: “Dhemi Pangeran Yehuwah ingkang gesang, saha dhemi gesang panjenengan piyambak kula saestu boten badhe nilar panjenengan.” Banjur padha nglajengake tindake.

maca bab lengkap 2 Para Raja 2