Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Para Raja 18:5-22 Kitab Sutji (JAV)

5. Sang Prabu mau kumandel marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel, lan ing antarane sakehing para ratu ing Yehuda, ing sawuse utawa ing sadurunge panjenengane, ora ana kang kaya panjenengane.

6. Sang Prabu rumaket marang Pangeran Yehuwah, ora mengeng anggone ngetut-wingking Panjenengane lan tansah netepi pepakoning Yehuwah kang wus kaparingake marang Nabi Musa.

7. Mulane Pangeran Yehuwah nunggil marang panjenengane. Menyanga ngendi bae tindake, mesthi angsal damel. Sang Nata mbalela marang ratu ing Asyur lan ora teluk marang panjenengane maneh.

8. Iya Sang Prabu Hizkia iku kang ngawonake wong Filisti nganti tekan ing Gaza lan nyirnakake dhaerahe, iya panggung-panggunging pajagan lan iya kutha-kuthane beteng.

9. Nalika ing taun kang kaping papate jamane Sang Prabu Hizkia -- iku taun kang kapitune jamane Sang Prabu Hosea, putrane Sang Ela, ratu ing Israel -- Sang Prabu Salmaneser, ratu ing Asyur, nempuh Samaria, kang banjur dikepang.

10. Iku sawuse telung taun luwih kena karebut, yaiku ing taun kang kaping neme jamane Sang Prabu Hizkia -- iku taun kang kaping sangane jamane Sang Prabu Hosea, ratu ing Israel -- Samaria bisa karebut.

11. Sang Nata ing Asyur banjur mboyongi wong Israel kaparakake marang ing pambuwangan, menyang ing Asyur, padha kapanggonake ana ing Halah, ana ing pinggiring kali Habor, yaiku kaline negara Gozan, lan ana ing kutha-kuthane wong Madhai,

12. amarga ora padha gelem ngrungokake marang swantening Sang Yehuwah, Gusti Allahe, lan padha nerak marang prajanjiane, yaiku kabeh kang wus kadhawuhake dening Nabi Musa, abdining Sang Yehuwah; ora padha ngrungokake lan ora padha gelem nglakoni.

13. Ing taun kang kaping patbelase jamane Sang Prabu Hizkia, Sang Prabu Sanherib, ratu ing Asyur, nempuh kutha-betenging nagara Yehuda sarta banjur kabedhah.

14. Sang Prabu Hizkia, ratu ing Yehuda, kintun utusan marang ing ngarsane Sang Nata ing Asyur kang ana ing Lakhis, kadhawuhan ngunjukake ature: “Kula sampun nindakaken kalepatan, Sang Prabu mugi karsaa jengkar saking nagari kula, punapa ingkang kabebahaken dening Sang Prabu dhateng kula, badhe kula sanggi.” Sang Nata ing Asyur banjur paring bebahan marang Sang Prabu Hizkia, ratu ing Yehuda, ngaturake telung atus talenta selaka lan telung puluh talenta emas.

15. Sang Prabu Hizkia nuli nyaosake selaka kang ana ing padalemaning Sang Yehuwah lan kang ana ing gedhong pasimpenaning kraton.

16. Nalika samana Sang Prabu Hizkia banjur dhawuh ngletheki emas kang ana ing lawang-lawang lan kang ana ing gawanging lawange padalemaning Sang Yehuwah, kang dilapis dening Sang Prabu Hizkia, ratu ing Yehuda. Iku kabeh kacaosake marang Sang Nata ing Asyur.

17. Sawuse mangkono Sang Nata ing Asyur utusan senapatining perang, panggedhening kraton lan priyagung juru pangunjukan saka ing Lakhis, sowan marang Sang Prabu Hizkia ing Yerusalem, kalawan kadherekake wadya-bala gedhe. Iku banjur padha tindak menyang ing Yerusalem. Bareng wus rawuh ing kono, nuli padha kendel ana ing papan ing sacedhake ilen-ilening blumbang ndhuwur, kang ana ing dalan gedhe ing Ara-ara Tukang Penatu.

18. Bareng padha nguwuh-uwuh marang Sang Prabu, Sang Elyakim bin Hilkia, panggedhening kraton, lan Sang Sebna, sekretaris nagara lan Sang Yoah bin Asaf, panggedhene hartakaning nagara padha ngedali.

19. Priyagung juru pangunjukan nuli ngandika marang katelune: “Sumangga sampeyan sami matur dhateng Sang Prabu Hizkia: Makaten pangandikanipun Sang Nata Agung, ratu ing Asyur: Sira iku nggondheli pangandel kang kaya apa, ta?

20. Apa sira ngira, menawa gelar lan kekuwataning perang iku bisa sira wujudake mung kalawan lambe thok. Ing saikine sapa kang sira andelake, dene sira mbalela marang ingsun?

21. Lah sira ngendelake teken pring kang pepes tumelung, yaiku Mesir, kang bakal njojoh nganti tembus tangane wong kang tekenen iku. Kaya mangkono iku Pringon ratu ing Mesir, tumrap sakehing wong kang padha ngendelake dheweke.

22. Dene menawa sira padha matur marang ingsun: Kawula sami ngendelaken Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kawula, -- apa Panjenengane iku dudu kang tengger-tenggere pangurbanan lan misbyah-misbyahe wus disingkirake Hizkia kalawan tembunge marang Yehuda lan Yerusalem: Ana ing ngarepe misbyah kang ana ing Yerusalem iki anggonmu kudu padha sujud nyembah.

maca bab lengkap 2 Para Raja 18