Lah sira ngendelake teken pring kang pepes tumelung, yaiku Mesir, kang bakal njojoh nganti tembus tangane wong kang tekenen iku. Kaya mangkono iku Pringon ratu ing Mesir, tumrap sakehing wong kang padha ngendelake dheweke.