Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Para Raja 18:16-31 Kitab Sutji (JAV)

16. Nalika samana Sang Prabu Hizkia banjur dhawuh ngletheki emas kang ana ing lawang-lawang lan kang ana ing gawanging lawange padalemaning Sang Yehuwah, kang dilapis dening Sang Prabu Hizkia, ratu ing Yehuda. Iku kabeh kacaosake marang Sang Nata ing Asyur.

17. Sawuse mangkono Sang Nata ing Asyur utusan senapatining perang, panggedhening kraton lan priyagung juru pangunjukan saka ing Lakhis, sowan marang Sang Prabu Hizkia ing Yerusalem, kalawan kadherekake wadya-bala gedhe. Iku banjur padha tindak menyang ing Yerusalem. Bareng wus rawuh ing kono, nuli padha kendel ana ing papan ing sacedhake ilen-ilening blumbang ndhuwur, kang ana ing dalan gedhe ing Ara-ara Tukang Penatu.

18. Bareng padha nguwuh-uwuh marang Sang Prabu, Sang Elyakim bin Hilkia, panggedhening kraton, lan Sang Sebna, sekretaris nagara lan Sang Yoah bin Asaf, panggedhene hartakaning nagara padha ngedali.

19. Priyagung juru pangunjukan nuli ngandika marang katelune: “Sumangga sampeyan sami matur dhateng Sang Prabu Hizkia: Makaten pangandikanipun Sang Nata Agung, ratu ing Asyur: Sira iku nggondheli pangandel kang kaya apa, ta?

20. Apa sira ngira, menawa gelar lan kekuwataning perang iku bisa sira wujudake mung kalawan lambe thok. Ing saikine sapa kang sira andelake, dene sira mbalela marang ingsun?

21. Lah sira ngendelake teken pring kang pepes tumelung, yaiku Mesir, kang bakal njojoh nganti tembus tangane wong kang tekenen iku. Kaya mangkono iku Pringon ratu ing Mesir, tumrap sakehing wong kang padha ngendelake dheweke.

22. Dene menawa sira padha matur marang ingsun: Kawula sami ngendelaken Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kawula, -- apa Panjenengane iku dudu kang tengger-tenggere pangurbanan lan misbyah-misbyahe wus disingkirake Hizkia kalawan tembunge marang Yehuda lan Yerusalem: Ana ing ngarepe misbyah kang ana ing Yerusalem iki anggonmu kudu padha sujud nyembah.

23. Milanipun sapunika sumangga sampeyan totohan kaliyan gusti kula, Sang Nata ing Asyur: Kula badhe nyukani kapal kalih ewu, manawi sampeyan sagah nyawisi tiyang-tiyangipun ingkang badhe numpaki.

24. Kadospundi anggen sampeyan badhe saged ngunduraken opsiripun gusti kula ingkang alit piyambak satunggal kemawon? Mangka sampeyan ngendelaken Mesir ing bab kreta saha prajurit kapalan!

25. Lah uga saiki, anggoningsun majeng perang nglawan panggonan iki arep sunsirnakake, apa iku dudu kersaning Sang Yehuwah? Pangeran Yehuwah wus ngandika marang ingsung: Nagara iku tempuhen lan sira sirnakna!”

26. Sang Elyakim bin Hilkia, Sang Sebna lan Sang Yoah banjur padha matur marang priyagung juru pangunjukan mau: “Panjenengan kula aturi ngandika ngagem basa Aram dhateng para ingkang abdi punika, awit kula sami saged mangretos; nanging sampun ngandika mawi basa Yehuda, mindhak dipun pirengaken dening rakyat ingkang wonten ing nginggil balowarti.”

27. Nanging wangsulane priyagung juru pangunjukan: “Punapa anggenipun gusti kula ngutus kula namung supados namung rembagan kaliyan gusti sampeyan lan kaliyan sampeyan kemawon? Rak inggih kaliyan tiyang-tiyang ingkang sami nglesod wonten ing nginggil balowarti punapa, ingkang sami nedha tinjanipun lan ngombe uyuhipun sesarengan kaliyan sampeyan sadaya punika, ta?”

28. Sawuse mangkono priyagung juru pangunjukan iku banjur jumeneng lan nguwuh-uwuh kalawan swara sora ing basa Yehuda, pangandikane: “Padha ngrungokna pangandikane Sang Nata Agung, ratu ing Asyur! Mangkene pangandikane Sang Prabu:

29. Sira aja padha kena diapusi Hizkia, sebab dheweke ora bisa ngluwari sira saka ing astaningsun.

30. Sira aja padha gelem diajak Hizkia kumandel marang Sang Yehuwah kalawan tembunge: Pangeran Yehuwah mesthi bakal ngluwari kita, sarta kutha iki ora bakal kaulungake marang ing tangane ratu ing Asyur.

31. Aja padha ngrungokake kandhane Hizkia, sabab mangkene pangandikane Sang Nata ing Asyur: Sira nganakna prajanjian kalawan ingsun bab anggonira masrahake samubarang kabeh marang ingsun, banjur padha metua sowana marang ing ngarsaningsun; saben wong banjur bakal mangan saka wite anggur dhewe lan saka wite anjir dhewe sarta bakal ngombe saka ing sumure dhewe,

maca bab lengkap 2 Para Raja 18