Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Para Raja 17:7-13 Kitab Sutji (JAV)

7. Kelakone iku mau marga wong Israel wus padha gawe dosa marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe, kang wus nuntun saka ing tanah Mesir, kaluwaran saka ing pangwaose Sang Prabu Pringon, ratu ing Mesir, lan marga saka anggone wus padha nyembah marang allah liyane,

8. marga lakune manut adat-tatacarane para bangsa kang wus padha kasingkirake dening Sang Yehuwah saka ing ngarepe wong Israel, sarta marga saka anggone padha manut ing pranataning para ratu ing Israel.

9. Sabanjure wong Israel wus padha nglakoni bab-bab kang ora pantes tumrap Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe. Padha ngedegake tengger-tengger pangurbanan ana ngendi bae pamanggone, ana ing sacedhake panggung pajagan lan ana ing kutha-beteng;

10. padha ngedegake tugu-tugu brahala lan saka-saka brahala ana ing saben tengger kang dhuwur lan ana ing sangisoring wit-witan kang ngrembuyung,

11. ana ing kono ana ing sakehing tengger iku padha ngobong kurban kayadene bangsa-bangsa kang wus padha katawan kabucal dening Sang Yehuwah saka ing ngarepe. Padha nglakoni panggawe ala, satemah njalari gerahe panggalihe Pangeran Yehuwah; padha nyembah brahala,

12. sanadyan Pangeran Yehuwah wus ngandika: “Sira aja padha nglakoni mangkono!”

13. Sang Yehuwah wus ngengetake wong Israel lan wong Yehuda lumantar sakehing nabi lan sakehe wong sidik: “Sira padha balia saka ing dalan-dalanira kang ala iku lan lestaria padha nindakake dhawuh lan pranataningSun, laras kalawan sakehing angger-angger kang wus Sunparingake marang para leluhurira kang wus Sunparingake lumantar para abdiningSun, para nabi.”

maca bab lengkap 2 Para Raja 17