Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Para Raja 17:34-41 Kitab Sutji (JAV)

34. Nganti saprene wong-wong mau padha nindakake adat-tatacarane kang biyen.Wong-wong iku ora padha ngabekti marang Pangeran Yehuwah lan ora nglakoni kang laras karo pranatan, angger-angger, undhang-undhang lan dhawuh-dhawuh peparinging Sang Yehuwah marang para turune Rama Yakub, kang wus kaparingan asma Israel.

35. Pangeran Yehuwah wus nganakake prajanjian karo para turune Rama Yakub iku lan wus padha diparingi dhawuh: “Sira aja padha ngabekti marang allah liyane, sira aja padha sujud nyembah marang iku, sira aja padha ngibadah marang iku lan aja padha misungsung kurban marang iku.

36. Nanging Pangeran Yehuwah kang wus nuntun sira kabeh saka ing tanah Mesir kalawan kekiyatan kang gedhe, kalawan ngacungake astane, iku kang kudu sira bekteni, iku kang kudu sira sujudi lan sira sembah lan kang kudu sira caosi kurban,

37. sarta pranatan-pranatan, tatanan-tatanan, angger-angger lan dhawuh-dhawuh kang wus diserat kanggo sira kabeh, iku padha sira gatekna tuwin tansah padha sira lakonana kalawan setya, apadene aja padha ngabekti marang allah liyane.

38. Sira aja padha lali marang prajanjian kang wus Ingsun anakake kalawan sira kabeh sarta sira aja padha ngabekti marang allah liyane,

39. kejaba marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahira, iku kang kudu sira bekteni. Manawa mangkono Panjenengane bakal ngluwari sira saka ing tangane sakehing mungsuhira.”

40. Nanging ora padha gelem ngrungokake, malah padha nglakoni adat-tatacarane kang biyen.

41. Dadine bangsa-bangsa iku padha ngabekti marang Pangeran Yehuwah, nanging iya padha nyembah marang reca-recane; iya anak-anake, iya putu-putune lan buyut-buyute, kabeh padha nglakoni apa kang ditindakake dening para leluhure, nganti tumeka ing dina iki.

maca bab lengkap 2 Para Raja 17