Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Para Raja 17:20-28 Kitab Sutji (JAV)

20. dadine Pangeran Yehuwah banjur nampik marang sakehe turune Rama Israel: padha katindhes lan diulungake marang ing tanganing para tukang njarah-rayah, padha kabucal dening Pangeran Yehuwah saka ing ngarsane nganti entek. --

21. Nalika Panjenengane methal Israel saka ing kulawargane Sang Prabu Dawud, Israel banjur ngangkat Yerobeam bin Nebat kadadekake ratu, nanging Sang Prabu Yerobeam dadi jalarane wong Israel padha ninggal Pangeran Yehuwah, satemah padha nglakoni panggawe dosa kang gedhe.

22. Kaya mangkono anggone wong Israel urip manut ing sakehe dosa kang katindakake dening Sang Prabu Yerobeam,

23. ora padha didohi, nganti Pangeran Yehuwah nebihake wong Israel iku saka ing ngarsane, kaya kang wus kapangandikakake lumantar sakehing abdine, para nabi. Wong Israel diangkut saka ing tanahe menyang ing nagara Asyur, kaparakake marang ing pambuwangan. Mangkono iku nganti saprene.

24. Sang Raja ing Asyur dhawuh mboyongi wong saka ing Babil, Kuta, Awa, Hamat lan Sefarwaim, padha dipanggonake ing kutha-kutha ing Samaria dadi gentine wong Israel; wong-wong iku iya banjur padha ngebeki Samaria lan manggon ana ing kutha-kuthane.

25. Nalika lagi bae manggon ing kono, wong-wong mau padha ora ngabekti marang Pangeran Yehuwah, mulane Sang Yehuwah nuli ndhatengake singa ana ing satengahe wong-wong iku; ana wong sawetara kang padha dipateni dening singa-singa mau.

26. Nuli ana wong kang munjuk marang Sang Nata ing Asyur: “Bangsa-bangsa ingkang panjenengan dalem boyongi dados tawanan saha kadhawuhan manggen ing kitha-kitha ing Samaria punika boten sami mangretos dhateng tatananing pangibadah dhateng Gusti Allahipun nagari ngriku, milanipun Gusti Allah wau lajeng nguculaken singa wonten ing satengahipun, lan tiyang-tiyang wau nunten sami dipun pejahi dening singa-singa punika, awit boten sami mangretos dhateng tatananing pangibadah dhateng Gusti Allahipun nagari ngriku.”

27. Sang Raja ing Asyur tumuli paring dhawuh mangkene: “Salah sijining imam panunggalane kang wus padha sira tawan lan sira parakake marang pambuwangan iku konen mrana, kareben manggon ing kana lan mulang marang wong-wong iku bab tatananing pangibadah marang Allahe nagara kono!”

28. Salah sawijining imam kang wus diboyong saka ing Samaria menyang ing pambuwangan nuli mangkat lan manggon ing Betel sarta banjur mulang marang wong-wong bab patrape ngabekti marang Pangeran Yehuwah.

maca bab lengkap 2 Para Raja 17