Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Para Raja 17:10-23 Kitab Sutji (JAV)

10. padha ngedegake tugu-tugu brahala lan saka-saka brahala ana ing saben tengger kang dhuwur lan ana ing sangisoring wit-witan kang ngrembuyung,

11. ana ing kono ana ing sakehing tengger iku padha ngobong kurban kayadene bangsa-bangsa kang wus padha katawan kabucal dening Sang Yehuwah saka ing ngarepe. Padha nglakoni panggawe ala, satemah njalari gerahe panggalihe Pangeran Yehuwah; padha nyembah brahala,

12. sanadyan Pangeran Yehuwah wus ngandika: “Sira aja padha nglakoni mangkono!”

13. Sang Yehuwah wus ngengetake wong Israel lan wong Yehuda lumantar sakehing nabi lan sakehe wong sidik: “Sira padha balia saka ing dalan-dalanira kang ala iku lan lestaria padha nindakake dhawuh lan pranataningSun, laras kalawan sakehing angger-angger kang wus Sunparingake marang para leluhurira kang wus Sunparingake lumantar para abdiningSun, para nabi.”

14. Nanging padha ora gelem ngrungokake, malah banjur padha ngakokake githoke kaya dene para leluhure kang padha ora pracaya marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe.

15. Padha nampik pranatane lan prajanjiane, kang wus dianakake kalawan para leluhure, uga ora maelu marang pepengeting Sang Yehuwah kang wus ngengetake marang dhawuh-dhawuhe, padha ngetut-buri dewa kang tanpa guna, dadine padha niru para bangsa ing saubenge, sanadyan Pangeran Yehuwah wus dhawuh: Aja padha tumindak kaya bangsa-bangsa iku.

16. Kabeh wus padha ninggal sakehing dhawuhe Sang Yehuwah, Gusti Allahe lan wus padha gawe pedhet cithakan; uga wus padha gawe reca Asyera, padha sujud nyembah marang sakehe wadya-bala ing langit lan nindakake pangibadah marang Baal.

17. Wuwuh-wuwuh banjur padha misungsungake anak-anake kanggo kurban ing geni lan padha nindakake patenungan, sarta petungan apadene padha gawe asoring awake kalawan nglakoni apa kang ala ana ing paningaling Sang Yehuwah, satemah ndadekake gerahing panggalihe Pangeran Yehuwah.

18. Mulane Pangeran Yehuwah duka banget marang Israel, kaedohake saka ing ngarsane; ora ana kang kari kejaba mung suku Yehuda. --

19. Uga Yehuda ora nggondheli marang dhedhawuhaning Sang Yehuwah, Gusti Allahe, nanging padha lumaku manut ing pranatan gaweane Israel,

20. dadine Pangeran Yehuwah banjur nampik marang sakehe turune Rama Israel: padha katindhes lan diulungake marang ing tanganing para tukang njarah-rayah, padha kabucal dening Pangeran Yehuwah saka ing ngarsane nganti entek. --

21. Nalika Panjenengane methal Israel saka ing kulawargane Sang Prabu Dawud, Israel banjur ngangkat Yerobeam bin Nebat kadadekake ratu, nanging Sang Prabu Yerobeam dadi jalarane wong Israel padha ninggal Pangeran Yehuwah, satemah padha nglakoni panggawe dosa kang gedhe.

22. Kaya mangkono anggone wong Israel urip manut ing sakehe dosa kang katindakake dening Sang Prabu Yerobeam,

23. ora padha didohi, nganti Pangeran Yehuwah nebihake wong Israel iku saka ing ngarsane, kaya kang wus kapangandikakake lumantar sakehing abdine, para nabi. Wong Israel diangkut saka ing tanahe menyang ing nagara Asyur, kaparakake marang ing pambuwangan. Mangkono iku nganti saprene.

maca bab lengkap 2 Para Raja 17