Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Para Raja 17:1-14 Kitab Sutji (JAV)

1. Ing taun kang kaping rolase jamane Sang Prabu Akhas, ratu ing Yehuda, Sang Hosea putrane Sang Ela, jumeneng ratu ing Israel ana ing Samaria, dene anggone ngasta paprentahan lawase sangang taun.

2. Sang Prabu nindakake apa kang ala ana ing paningaling Sang Yehuwah, nanging ora kaya ratu-ratu ing Israel kang ngrumiyini panjenengane.

3. Sang Prabu Salmaneser, ratu ing Asyur, nglurugi perang panjenengane, Sang Prabu Hosea teluk marang panjenengane lan ngaturake bulubekti.

4. Nanging Sang Nata ing Asyur banjur ngonangi anggone Sang Prabu nganakake sekuthon, amarga Sang Prabu Hosea wus ngintunake utusan marang Sang Prabu So, ratu ing Mesir lan ora nyaosi bulubekti maneh marang Sang Nata ing Asyur, kaya adate saben taun. Mulane Sang Nata tumuli dhawuh nyepeng panjenengane, banjur kabanda lan kalebetake ing pakunjaran.

5. Sawuse mangkono Sang Nata ing Asyur nuli tindak ndlajahi nagara kono kabeh, Samaria ditempuh lan dikepung nganti telung taun lawase.

6. Ing taun kang kaping sangane jamane Sang Prabu Hosea, Sang Nata ing Asyur ngejegi Samaria. Wong Israel padha diboyongi menyang ing Asyur, menyang ing pambuwangan, padha didhawuhi manggon ana ing Halah, ing pinggiring kali Habor, yaiku kaline nagara Gozan, lan ana ing kutha-kuthane wong Madhai.

7. Kelakone iku mau marga wong Israel wus padha gawe dosa marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe, kang wus nuntun saka ing tanah Mesir, kaluwaran saka ing pangwaose Sang Prabu Pringon, ratu ing Mesir, lan marga saka anggone wus padha nyembah marang allah liyane,

8. marga lakune manut adat-tatacarane para bangsa kang wus padha kasingkirake dening Sang Yehuwah saka ing ngarepe wong Israel, sarta marga saka anggone padha manut ing pranataning para ratu ing Israel.

9. Sabanjure wong Israel wus padha nglakoni bab-bab kang ora pantes tumrap Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe. Padha ngedegake tengger-tengger pangurbanan ana ngendi bae pamanggone, ana ing sacedhake panggung pajagan lan ana ing kutha-beteng;

10. padha ngedegake tugu-tugu brahala lan saka-saka brahala ana ing saben tengger kang dhuwur lan ana ing sangisoring wit-witan kang ngrembuyung,

11. ana ing kono ana ing sakehing tengger iku padha ngobong kurban kayadene bangsa-bangsa kang wus padha katawan kabucal dening Sang Yehuwah saka ing ngarepe. Padha nglakoni panggawe ala, satemah njalari gerahe panggalihe Pangeran Yehuwah; padha nyembah brahala,

12. sanadyan Pangeran Yehuwah wus ngandika: “Sira aja padha nglakoni mangkono!”

13. Sang Yehuwah wus ngengetake wong Israel lan wong Yehuda lumantar sakehing nabi lan sakehe wong sidik: “Sira padha balia saka ing dalan-dalanira kang ala iku lan lestaria padha nindakake dhawuh lan pranataningSun, laras kalawan sakehing angger-angger kang wus Sunparingake marang para leluhurira kang wus Sunparingake lumantar para abdiningSun, para nabi.”

14. Nanging padha ora gelem ngrungokake, malah banjur padha ngakokake githoke kaya dene para leluhure kang padha ora pracaya marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe.

maca bab lengkap 2 Para Raja 17