Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Para Raja 15:1-10 Kitab Sutji (JAV)

1. Ing taun kang kaping pitulikure jamane Sang Prabu Yerobeam, ratu ing Israel, Pangeran Azarya, putrane Sang Prabu Amazia, ratu ing Yehuda, jumeneng ratu.

2. Nalika jumeneng ratu iku yuswane nembelas taun, dene anggone ngasta paprentahan ana ing Yerusalem lawase seket loro taun. Asmane kang ibu Yekholya saka ing Yerusalem.

3. Sang Prabu nglampahi apa kang bener ana ing paningaling Sang Yehuwah, ngetrepi apa kang katindakake dening Sang Prabu Amazia, kang rama.

4. Nanging sanadyan mangkono, tengger-tengger pangurbanan ora didohake. Rakyat isih sesaji lan ngobong kurban ana ing tengger-tengger kono.

5. Mulane Pangeran Yehuwah banjur nggebag Sang Prabu, temah dadi gerah saraat nganti tumeka ing sedane, lan manggen ing dalem pasetran. Anadene Pangeran Yotam, kang putra, mangagengi kraton lan nindakake paprentahan tumrap rakyat ing nagara kono.

6. Anadene kekarene riwayate Sang Prabu Azarya lan sakehe pandamele, iku rak wus katulisan kabeh ana ing buku sejarahe para ratu ing Yehuda.

7. Sang Prabu Azarya nuli kepareng ngaso nunggil karo para leluhure lan banjur kasarekake ing sandhinge para leluhure ana ing kuthane Sang Prabu Dawud, dene Pangeran Yotam, kang putra, tumuli jumeneng ratu, nggentosi panjenengane.

8. Ing taun kang kaping telung puluh wolune jamane Sang Prabu Azarya, ratu ing Yehuda, Pangeran Zakharia, putrane Sang Prabu Yerobeam, jumeneng ratu ing Israel ana ing Samaria. Anggone ngasta paprentahan suwene nem sasi.

9. Sang Prabu nindakake apa kang ala ana ing paningaling Pangeran Yehuwah kaya kang dilampahi dening para leluhure, ora nebihi dosa-dosane Sang Prabu Yerobeam bin Nebat, kang njalari wong Israel uga banjur nglakoni dosa.

10. Sang Salum bin Yabesy tumuli nganakake sekuthon nglawan panjenengane, Sang Prabu disedani ana ing kutha Yibleam, lan Sang Salum nuli jumeneng ratu nggentosi panjenengane.

maca bab lengkap 2 Para Raja 15